Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 42
160–161 dari 206
1.592–1.601 dari 2.053
30.109 amit mangkin nora taha mulih | ulun iki nganti karsa tuwan [[f. 213r]: tu...wan] | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri marang sang aji | maring sultan ing Pajang | Senapati mêngku | samadi-samadining rat | desa Mayang wayah têngah dalu mangkin | pun Jurutaman prapta ||
30.110 amêng-amêngane Senapati | gêdhenira sagunung anakan | mêndhak ngalasod ngarsane | pun Jurutaman matur | Senapati tuwanku sigih[1] | manawi darbe karsa | angrêbasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang pan ulun ikang nglabuhi | kantuna tuwan wirya ||
30.111 Ki Senapati nglingira aris | Jurutaman ulun atarima | pasihanira ing mangke | isun tan dar kayun |[2] karsanira ulun umiring | Jurutaman anêmbah | saksana tumanduk | malêbêt marang kadhatyan | Sultan Pajang kapagih sira alinggih | binithi dhadhanira ||
30.112 Sultan Pajang kantaka tumuli | tinangisan dening para garwa | miwah para putra kabèh | aramya gumarumung | sarêng eca sultan anglilir | sayan asru kang gêrah | Senapati iku | sakathahe [[f. 213v]: saka...thahe] wong Mataram | pinundhutan padha tukua salasih | tinumpuk lawang kilyan ||
30.113 Senapati nèng Mayang siniwi | cinarita tri wêngi tri dina | gya mulih Mataram age | ing pura kang winuwus | Adipati Bênawa uni | umatur rama putra | paduka pukulun | Senapati wong Mataram | panundhutan[3] sami atumbas salasih | pikulan agotongan ||
30.114 apondhongan sami dèn tumpuki | lawang sakèthèng kilèn sadaya | Sultan Pajang andikane | Ki Senapati iku | kakangira bangêt gumati | pratăndha sih-sinihan | iku sutèng ulun | Ki Senapati waspada | wruh yèn isun palastra nora antawis | Sultan Pajang palastra ||
30.115 para putra sadaya nungkuli | para garwa miwah mantri Pajang | tumênggung răngga dêmange | lan Kandhuruan iku | Pêcattăndha lan Ăndhamai | Pandêlêgan lan Arya | Waduaji kumpul | gurnita kadi ampuhan [[f. 214r]] | panangise sakathahe para rabi | ngling Dipati Bênawa ||
30.116 hèh sakèhe Pajang para mantri | isun jaluk rêmbage sadaya | syargi rama wêwêkase | isun kinèn apatut | kang asêpuh kang Senapati | kang rama pan wus tilar | ya prayoganipun | sun aturi kang dipatya | pinajaran gêlêm tan gêlêma singgih | pan iku sanak tuwa ||
30.117 yogya gêgêntine rama aji | dununging sêmbah sun mantri Pajang | umiring kabèh dutane | gya i Mataram rawuh | wus tumama ing pura panggih | lan Senapati Nglaga | nêmbah duta matur | ulun puniki tur wikan | dipun utus dening rayi paduka ji | Adipati Bênawa ||
30.118 Sultan Pajang rama ji wus lalis | pukulun ingaturan mring Pajang | nganti nirami layone | rama dika sang prabu | maksih gilang-gilang anênggih | Sang Senapati nulya | nitih kuda mamprung | anulya prapta ing Pajang | wus tumama pura Senapati nangis [[f. 214v]: nangi...s] | ngati[4] nukêmi pada ||
160–161 dari 206

 


1 singgih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.110.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.40.5). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingsun tan darbe kayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.111.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 14.70.4); ulun tan darbe kayun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.41.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.80.4; Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), Pupuh 61.12.4). (kembali)
3 pinundhutan. (kembali)
4 nganti. (kembali)