Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 42
150–151 dari 206
1.493–1.502 dari 2.053
| 30.010 | tiningalan de sang maha yêkti | hèh Ki Senapati ing Mataram | ja ngandêlkên digdayane | asakti rosa têguh | kadya ngambah caraka siti | dadya ujub lan riya | kibir wastanipun | tan wênang inglampahêna | wali mukmin ngadohakên pangabêkti [[f. 197r]: pangabê...kti] | gusti lawan kawula || |
| 30.011 | aja sira kaya bumi langit | lan sagara miwah kang prabata | langit iku wahanane | yèn jalma kaya muwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêl ika | anging mung puniku | tan ana suselaning lyan | kaya gunung mung gêdhene lan ainggil | tan darbe paulatan || |
| 30.012 | lawan sira aja kaya langit | ngandêlakên jêmbar lan awiyat | mung puniku digdayane | miwah sagara agung | ngandêlakên jêmbar ngidêri | kalawan jro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pindha prawata | pan gumuruh syaraning punang jaladri | mung punika dayanya || |
| 30.013 | lamun ayun tulus dadya aji | anganggea sokur lawan rêna | ênêba kêna ênênge | pan pasthi dadi ratu | ing Mataram dènira linggih | myang para ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba maring Mataram | anrahakên bulu pêti saban warsi | Senapati Ngalaga [[f. 197v]] || |
| 30.014 | alah payo mulih mring Mêtawis | ulun arsa mampir umahira | anulya lumampah age | sakêdhap sampun rawuh | angandika sang wiku jati | wismanira tan nganggya | pagêr jaba iku | kêbo sapi ingumbaran | hèh Ki Senapati Angalaga sisip | iya ing pasrahira || |
| 30.015 | angkuhira ana ing Matawis | krana Alah dadi riyanira | ujub kalawan kibire | kêbo sapi ta iku | tanpa kandhang wahananèki | sapa wania mringwang | durjana dhusthèku | kang ngangge ênêb êningya[1] | lêlakone sokur lan rêna Yyang Widi | wong wisma pinagêran || |
| 30.016 | kêbo sapi yèn ucula iki | kang dèn cêkêli kêluhanira | yèn mantuk ing wisma mangke | kandhange dèn akukuh | pinathokan salaraknèki | turua ngarêp kandhang | yèn awêngi iku | nuli sira apasraha | anganggea pandum kalawan amilih | dèn patut [[f. 198r]: patu...t] lan agama || |
| 30.017 | lawan malih drigamane iki | istiyarira dipun akathah | sumănggaa ing Yyang Manon | salir solahirèku | kadhinginan ujub lan kibir | karane dèn prayitna | laku ligih iku | solah muni lawan mona | gusti lawan kawula Ki Senapati | nganggea pagêr jaba || |
| 30.018 | lah atagên wongira ing Mêtawis |[2] sabên-sabên katiga anyithak | sabên taun saolihe | wongira dhomas iku | anganggea sokur Yyang Widi | ngarah dadi bacingah | pirabara pungkur | ja lumaku kibir riya | nulya nyandhak mandêlêm sarwi cinangking | punika isi toya || |
| 30.019 | sang pandhita lumampah akardi | watês dalêm mancur mandêlêmnya | sarwi adikir lampahe | ingubêngan sadarum | de sang wiku turutên benjing | ing batane wong dhomas | cacahe Matarum | dadya bêbata lan karsa | datatita kocapa [[f. 198v]: koca...pa] lingira uni | kangjêng sultan ing Pajang || |
150–151 dari 206
| 1 | êningnya (di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lah atagên wongira Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.18.1). (kembali) |