Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 42
161–162 dari 206
1.603–1.612 dari 2.053
30.120 miwah putra Sunan Kudus angling | ing sakèhe para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ikang gumanti ratu | kang jumênêng Pajang nêgari | mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn suwawi kalih tuwan | Adipati Bênawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||
30.121 susuhunan ing Kudus sigra ngling | tan sambada lawan karsaningwang | Adipati Bênawane | yèn jumênênga ratu | adipati ing Dêmak malih | apan iku kang tuwa | jumênênga ratu | iya èstri jêr kang tuwa | Sultan Pajang iya putra lanang iki | adipati ing Dêmak ||
30.122 iya mantu [[f. 215r]] yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | têrah kusuma karone | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nêgari | iya nêgara Jipang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa apan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa ||
30.123 Senapati gya aturun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | Senapati payo mulèh | Senapati gya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ukih padudon rêbut nêgari | dadi apêpêrangan ||
30.124 lêhêng sira amuliha dikir | asidêkah angalapa sawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | kasukana manggung | bêcik nagrimu Mataram | aja narka ing Pajang Ki Senapati | mulih marang Mataram ||
30.125 wus alami ing Pajang winarni | ingkang mantu Adipati Dêmak | gêntèni jumênêng katong [[f. 215v]: ka...tong] | Dipati Bênawèku | tulus Jipang dipun wismani | pandume mantri Pajang | mapan pinartêlu | pinundhut ikang rong duman | winèhakên mantri saking Dêmak uni | ikang maksih saduman ||
30.126 sarupane wadyanira lami | sami jinunjung ing lungguhira | sapatute jênêngane | mantri Dêmak sadarum | wisma Pajang Pajang kang mantri | kabèh rusak atinya | de kalong puniku | gêgadhuhane sadaya | padha ala pangucape mugi-mugi | anaa mungsuh prapta ||
30.127 dèn rusaka nagri Pajang iki | katuwone ngong tinigal[1] nata | kaliwat dening larane | akèh durjananipun | wong ing Pajang bêdhog angutil | amaling ambêbegal | mantri Pajang iku | mêdhang miring manahira | rusak kabèh mring ratune ikang mangkin | mapan têlênging karsa ||
30.128 mantri Pajang ikang lawas sami | anging Senapati Ing Ngalaga | pangalasan sèwu [[f. 216r]: sè...wu] age | kongkonan mring Mêtarum | duta masah tumama puri | Senapati kapagya[2] | duta nêmbah matur | kawula mapan dinuta | pangalasan sèwu tur uningèng aji | mangke rayi paduta[3] ||
30.129 Adipati Dêmak anitihi | wadya Pajang yun balik sadaya | tan angsal pangawulane | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | saduman kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak ing dalu garigis maling | raintên rêbat sawah ||
161–162 dari 206

 


1 tininggal. (kembali)
2 kapanggya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.128.6). (kembali)
3 paduka. Bandingkan: andika (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.128.10). (kembali)