Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 42
162–163 dari 206
1.614–1.623 dari 2.053
| 30.131 | Senapati Angalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu [[f. 216v]: sè...wu] mangke | atarima ta ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | luwih takdiripun | angrêbasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanêgari | rusake ari Dêmak || |
| 30.132 | lamun ingsun kinon ing Yyang Widi | mapan gampang lawan karsaning Yyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakên[1] wau | dening Sukma jumênêng aji | yayi Dipati Dêmak | mapan nora ewuh | tan kêna sadyan rusaka | dening jalma nugraha lara lan pati | pasthi karsaning Sukma || |
| 30.133 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Pangeran Bênawa | kang anèng Jipang kithane | digbya lara tyasipun | duk angukung napsu tan gingsir | lumampah kasutapan | lali pangan turu | nalika ayun abăngga | lamun ana sisaning kula binukti | tibèng lêmah dhinahar || |
| 30.134 | praptèng wisma amuji samèdi | anaritis yogyaning nalendra | datan kauban wangone | awayah têngah dalu | ana syara kapirsa nênggih | datan ana rupanya | wêgilên puniku [[f. 217r]] | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan || |
| 30.135 | sarêng ilang syara nulya tangi | adipati ing Bênawa mojar | duta pan sira sun kèngkèn | wêgilên syara iku | Senapati anèng Mêtawis | aturana dènira | kang duta tumanduk | prapta Mataram tumama | ing byantara Sang Senapati kapanggih | duta Jipang tur sêmbah || |
| 30.136 | lampah kawula puniki gusti | dhapur ingutus rayi paduka | Adipati Bênawane | jêng paduka pukulun | ingaturan ing Pajang nênggih | alinggiha ing Pajang | jumênênga ratu | ulun ku Sultan Mataram | Kyai Agêng Senapati Ngalaga ngling | hèh sang duta matura || |
| 30.137 | mring ariningsun ki adipati | pan sun tan wruh sakarêpe rêbat | nêgara lawan sanake | mapan wêwangênipun | ulun iki nagri Matawis | winarisan de rama | syargi sang aprabu | mangke sun têtêpi uga | ring sang duta nêmbah sigra [[f. 217v]] amit mulih | wus prapta nagri Jipang || |
| 30.138 | tumamèng kadhaton panggih gusti | duta matur wêkas Senapatya | mapan wus tinutur kabèh | Pangran Bênawa muwus | hèh sang duta balia aglis | matura mring si kakang | duta mêsat wangsul | lumaris dhatêng Mataram | sampun prapta tumamèng kadhatongn[2] pagih | lan Senapati Nglaga || |
| 30.139 | duta nêmbah matur ulun gusti | kinèn wangsul de rayi paduka | pan tuwan pinaksa mangke | ngaturan rayi ulun | Adipati Bênawa nênggih | ikang karsa ing Pajang | tan suka tyasipun | ikang umadêga nata | ikang wêling Kangjêng Sultan ikang syargi | adipati ing Dêmak || |
| 30.140 | yèn madêga Ratu Pajang iki | lamun andika gusti tan arsa | mring rayi anjênêngake | nênggih amadêg ratu | lêhêng mangke pêjaha iki | luwung tuwan darbea | nagri madêg ratu | gantia jumênêng Pajang [[f. 218r]] | sinebaa ing wadya suka kang galih | yèn tuwan madêg nata || |
162–163 dari 206
| 1 | kinarsakkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.132.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.64.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.132.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.103.4). (kembali) |
| 2 | kadhaton (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.138.9). (kembali) |