Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 42
152 dari 206
1.511–1.520 dari 2.053
30.028 binêkta seba pan nora kari | tarkanira Astranaya mila | dèn pêthêti têtaline | aling-aling sadarum | agampanga pamiyak mami | gèn isun anyuduka | sarêng ulun amuk [[f. 200r]: a...muk] | wontên sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang ||
30.029 tarkanira ujare Ki Malik | karaningwang sarêng nunggang liman | anèng ing luhur ngayune | sarênga ulun amuk | pêjah gêsang sarêng lan gusti | madhêp maring palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènira ligih | myang Dipati Bênawa ||
30.030 Adipati Bênawa angling |[1] kakang Senapati Ing Ngalaga | kawula ugi kinèngkèn | dening sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | ing rama jêngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | igih nyata punika datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||
30.031 Senapati alon anauri | măngsa bodhoa kang matur sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyasing ulun | datan samar sang paduka ji | saparipolah ingyang | barkate sang prabu | agêng adalêm Mataram | datan narka [[f. 200v]] yèn ulun ikang darbèni | mapan kagungan sultan ||
30.032 ngaturakên pan ulun puniki | suguhe kang abdi Mataram |[2] jangandika pan gustine | yèn suwawi sang ulun | tumanduka marang Matawis | mapan nêgari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | brêm tampu lan waragang ||
30.033 Adipati Banawa sira ngling | hèh Tumênggung Amăncanêgara | nyata linyok ing wartane | kang kita ikang matur | dhatêng rama sultan ing nguni | gustine iki ora | ujare amungsuh | isun piyandêling kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadi cinaa mrata ||
30.034 Adipati Banawa nauri | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | rawuh nulya aluguh | pinapag ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêbil supênuh | amundhut brêm lan waragang | Senapati agêpah dènnya [[f. 201r]: dè...nnya] alarih | kalaganjur kang munya ||
30.035 adipati ing Tuban sira ngling | kakang Senapati Ing Ngalaga | ulun midhangêt wartine | jangandika anêngguh | rêmên kang wong abaksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa rangin | punapa kang kinarya ||
30.036 Senapati Angalaga angling | abdi dalêm Mataram abaksa | rangin sador kang ginawe | yèn gêguyon anginum | miwah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | dhusun watêkipun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang tan wontên tinigas pancing | buntare sinêmpugan ||
30.037 adipati gumujêng saryya ngling | nora nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban abaksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan aganti wong Tuban lêmbing-linêmbing | wus wantune [[f. 201v]] mêngkana ||
152 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: adipati ing Bênawa angling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.30.1); Adipati Banawa sirangling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêsuguhe kang abdi Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.26.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.3.2). (kembali)