Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 42
152–153 dari 206
1.514–1.523 dari 2.053
30.031 Senapati alon anauri | măngsa bodhoa kang matur sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyasing ulun | datan samar sang paduka ji | saparipolah ingyang | barkate sang prabu | agêng adalêm Mataram | datan narka [[f. 200v]] yèn ulun ikang darbèni | mapan kagungan sultan ||
30.032 ngaturakên pan ulun puniki | suguhe kang abdi Mataram |[1] jangandika pan gustine | yèn suwawi sang ulun | tumanduka marang Matawis | mapan nêgari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | brêm tampu lan waragang ||
30.033 Adipati Banawa sira ngling | hèh Tumênggung Amăncanêgara | nyata linyok ing wartane | kang kita ikang matur | dhatêng rama sultan ing nguni | gustine iki ora | ujare amungsuh | isun piyandêling kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadi cinaa mrata ||
30.034 Adipati Banawa nauri | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | rawuh nulya aluguh | pinapag ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêbil supênuh | amundhut brêm lan waragang | Senapati agêpah dènnya [[f. 201r]: dè...nnya] alarih | kalaganjur kang munya ||
30.035 adipati ing Tuban sira ngling | kakang Senapati Ing Ngalaga | ulun midhangêt wartine | jangandika anêngguh | rêmên kang wong abaksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa rangin | punapa kang kinarya ||
30.036 Senapati Angalaga angling | abdi dalêm Mataram abaksa | rangin sador kang ginawe | yèn gêguyon anginum | miwah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | dhusun watêkipun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang tan wontên tinigas pancing | buntare sinêmpugan ||
30.037 adipati gumujêng saryya ngling | nora nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban abaksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan aganti wong Tuban lêmbing-linêmbing | wus wantune [[f. 201v]] mêngkana ||
30.038 atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ikang kinarya sodore | abêbêksan anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan wontên kondur | sampun tatane wong Tuban | alah paran mangke andika yêktosi | wong Tuban abêbêksan ||
30.039 Senapati Angalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami awidhung tangkêpe | mapan lagya sinau | wong Mataram dèrèng rêspati | wantune tiyang desa | yèn baksa anginum | sami agagak wurahan | mung cangkême gumêdêr ambaribini | abaksa tan tiyasa ||
30.040 adipati ing Tuban sigra ngling | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abaksa tamèng | pitung nêgara punjul | nangingwadyanira ing Tubin | wisaya lan prakosa | tan ana kang mungsuh | wong pitung nagara kalah [[f. 202r]: ka...lah] | de wong siji punika ngabên prayogi | ulun dhatêng sumăngga ||
152–153 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêsuguhe kang abdi Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.26.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.3.2). (kembali)