Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 42
153–154 dari 206
1.526–1.535 dari 2.053
30.043 ramenikang lok giri sêdhênging |[1] abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan bala surake | lir ombak sêgara gung | Radèn Răngga sutanirèki | Senapati Mataram | putra kang pambayun [[f. 202v]: pambayu...n] | anjawil dhatêng kang rama | ya ta kagèt Senapati ing Matawis | sinêntak ikang putra ||
30.044 Ki Adipati Tuban sigra angling |[2] kakang Senapati Ing Ngalaga | pan dadi duka putrane | ulun mirsa asêndhu | kapirare duka ing siwi | punapa ta purwanya | dening kita bêndu | Senapati sigra mojar | pêcêl alit pun Răngga pêksa gumakit | kudu tumut bêbêksan ||
30.045 angladosi bêksane wong Tubin | karsanipun pun Răngga punika | kumawi paksa angêne | wong mindha paksa pugung | toging prana tur nora yakti | ayya asung paguyyan | mêmirang kadulu | tan layak pukulun mulat | ing tandange pêcêl dalêm ing Matawis | awidhung paksa iya ||
30.046 Adipati ing Tuban sigra ngling | sutèng ulun ayya sira sora | abaksa sun tingalane | wong Tuban sampun gambuh | nora layak sira musuhi | angur si ginaua | payo sutèng ulun [[f. 203r]] | wong Tuban sira tirua | anging poma ayya sêdya angladèni | anggèr măngsa mênanga ||
30.047 pan wus gambuh wong isun ing Tubin | lêlingsène amuruk ing sira | aja cacak sira rare | yèn mênanga amungsuh | tingalana tandange ugi | sira èmpêr-èmpêra | payo sutèng ulun | angladènana wong Tuban | Radèn Roga[3] tumukul[4] dènira ligih | langkung dening marêpa ||
30.048 adipati ing Tuban ningali | ing dêdêgira Rahadèn Răngga | Dipati Tuban têmbunge | abêcik dêdêgipun | pan dhuwure radèn apêkik | sutèng ulun punika | wantu taksih timur | hèh wong Tuban sutèng ingyang | radèn êmas aja ta sira têmêni | rowangên bêksa kêmbang ||
30.049 hèh wong Tuban poma sira iki | ladènana bêksa Radèn Răngga | yèn kênaa sênjatane | isun tugêl gulumu | poma ayya ta sira lali | pan iku sutaniwang | kapirare dangu | sun juwing sawalang-walang | kulitira sun karya tontonan ugi | anèng nagri Mataram [[f. 203v]] ||
30.050 kakang Senapati ing Matawis | sutanira Radèn Răngga ika | wali-wali isun akèn | tan mangkat dènnya takut | dhatêng tuwan sutanirèki | lah atagên dèn agya | Radèn Răngga iku | karane tutuga suka | abêbêksan wayahe wong anom pêkik | kêdah tinon ing jalma ||
30.051 Senapati angandika aris | sutèng ulun Radèn Răngga ika | kita tumandanga age | kinon dening gustimu | mundhut tamèng gatong[5] pat uni | waos ikang kinarya | kotbuta dinulu | gatong kalih tawokira | sarêng katon kagèt dipati ing Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||
30.052 tan kumêdhèp dènira ningali | pan malongok kabèh wadya Tuban | prasamya ngling jro driyane | nora layak puniku | gêgamane manungsa iki | tan ana tanah Jawa | kang kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Răngga towok tamèng dèn cêkêli | ngumbulakên awiyat ||
153–154 dari 206

 


Bandingkan: ramyaningkang ri lagya sêdhênging (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.37.1); aramya ikang sêdhênging rèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.14.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Adipati Tuban sigra ngling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.44.1); adipati ing Tuban sigra ngling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.38.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.15.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.41.1). (kembali)
Răngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.47.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.41.9). (kembali)
tumungkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
gotong (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.45.8). (kembali)