Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 42
156–157 dari 206
1.553–1.562 dari 2.053
30.070 mêngko maning pan saya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | digdaya ing samitane | amikênakên[1] sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lir gon isun ayoga ||
30.071 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Tumênggung Mayang | ambeka ika karsane | Sultan Pajang puniku | pinrih cidra ing janjinèki | Sultan Pajang akarsa | yaktènana wau | mring Ki Senapati Nglaga | ala bêcikira kang dipun [[f. 207r]: di...pun] wiwiti | wau Tumênggung Mayang ||
30.072 adarbe putra lanang sawiji | bagus anom ran Jaka Wiyagang | ulah lambangsari mangke | lawan putra sang prabu | pakonira kang rama uni | yaktèni gènnya beka | wus cinêkêl gupuh | pinatèn Jaka Wiyagang | anèng têngah waringin kurung kang jisim | Ki Jaka gilang-gilang ||
30.073 rama mirsa yèn putra wus mati | sigra lumampah yêktoskên sira | têmêne lawan orane | sarêng prapta wus wêruh | lamun nyata putra tan sipi | Tumênggung Mayang ngucap | kêplok tanganipun | pasthi rusak karatonnya | nagri Pajang kakup marang Mêtawis |[2] de cidra prajanjeyan ||
30.074 Ki Tumênggung Mayang sampun mulih | sri bupati asru dukanira | Ki Tumênggung Mayang age | kinesahakên wau | mring Sêmarang sanak dharèki | ingiringkên wong sasra | mantri patang puluh | kang baris sèwu tut wuntat | bokmanawa ala[3] pialaning margi | kang ngiring wong prawira ||
30.075 pun Tumênggung [[f. 207v]] Mayang ikang èstri | aputusan ambakta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt mring kêdhatun | mangsah sundhulan sang nêrpati | anêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | nulya ngaturakên layang | tinampanan ing Senapati mawis |[4] sampun lyan pangawulan ||
30.076 ikang layang sampun sinasuwir | punang jaja upama têmbaga | pracina asru dukane | padon lathi kumêdut | mukanira lir wora-wari | ujyalanya baranang | kotbuta andulu | Ki Senapati Anglaga | tingal andik ujyalanya kadya rawi | rêrêp sakèhing bala ||
30.077 Senapati Angalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami sun têdha gawene | mantri kang patang puluh | lah rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon kapapag | nulya sami sinangonan punang mantri | pamajêgan sadaya ||
30.078 darijine kinêbêkan singsim | pan sêsotya kêncana [[f. 208r]: kê...ncana] kang mulya | gêbyar-gêbyar ujyalane | sêsotya abra murub | muncar warna lir lintang ngalih | gumêbyar kadi kilat | asri yèn dinulu | asih sêdya ing wanodya | pracinane rêtna widagdèng pawèstri | donya tinohan pêjah ||
30.079 mantri pamajêgan kapya amit | sarêng nugang[5] mantri pamajêgan | anandêr mamprung kudane | mapan mêdal ing Kêdhu | prapta Randhujajar kapanggih | wadyabala ing Pajang | wong Mataram ngamuk | wong sèwu samya lumayya | rêbut dalan wong Mataram dènnya jurit | tandang lir macan babal ||
156–157 dari 206

 


amikênakkên. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: nagri Pajang kakukup mara [marang] Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.73.9). (kembali)
ana. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinampanan ing Senapati Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.75.9); tinanggapan ing Senapati Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.2.9); tinanggapan mring Senapati Matawis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.44.9). (kembali)
nunggang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)