Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 42
165–166 dari 206
1.648–1.657 dari 2.053
| 31.014 | matur lamun Senapati | wus malêbu jroning kitha | wus bêdhah kori kang kilèn | Dipati Dêmak sru duka | dhatêng wong têtêbusan | ature langkung atêguh | sakèh mimis tan tumama || |
| 31.015 | Dipati Dêmak sru runtik | hèh kabèh padha balia | tan angrasa sira kabèh | yèn sira têbusan [[f. 221v]: têbu...san] ingwang | sun kêthoki ta sira | mring Senapati Mêtarum | wadyanira samya makat[1] || |
| 31.016 | wong têbusan nora kari | padha sêdya ngamuk sira | saking wêdine gustine | Ki Gêdhong ngamuk wong Pajang | kathah kanin myang pêjah | wus untung karoban duduh | Ki Gêdhong sampun palastra || |
| 31.017 | sampun karsaning Yyang Widi | salaminira tinitah | tan pasah dening brajane | aningali Senapatya | lamun Ki Gêdhong pêjah | adhuh pawong sanak isun | dening ta nuli palastra || |
| 31.018 | durung wruh raose iki | banyu lawan sêganiwang | kasêlak ngêmasi mangke | lah sasabana lêlincak | Senapati dyan mangsah | datan atêbah Ki Juru | kalawan para sêntana || |
| 31.019 | kinarutug dening bêdhil | tan gumisir Senapatya | kadi pinrada jajane | pan dadi pêpaèsira | Senapati ngandika | apa si kang sira rêbut | sira kapati [[f. 222r]] milu prang || |
| 31.020 | pan dudu jamanmu iki | sira pan wong têtêbusan | padha lumayua kabèh | sira padha mardikaa | sakarsa-karsanira | wetan punika gustimu | adipati ing Banawa || |
| 31.021 | sakèhe kang para mantri | kalawan wong têtêbusan | prasami lumayu kabèh | angungsi lawang kang wetan | Senapati Anglaga | malêbêt ing alun-alun | prasami anitih kuda || |
| 31.022 | anêkung luhuring waji | pan kadi wong asupêna | mêrêm punika lampahe | wong Kudus lawan wong Dêmak | niba tangi lumayya | pangrasane dipun amuk | mring Senapati Anglaga || |
| 31.023 | kèh mati de gamannèki | wadya Pajang sampun sirna | Kya Juru pangandikane | Ki Bayi kêna punapa | wong aprang têka nendra | mêngsahira sampun larut | Senapati angandika || |
165–166 dari 206
| 1 | mangkat (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 31.15.7). (kembali) |