Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 42
166–167 dari 206
1.652–1.661 dari 2.053
31.018 durung wruh raose iki | banyu lawan sêganiwang | kasêlak ngêmasi mangke | lah sasabana lêlincak | Senapati dyan mangsah | datan atêbah Ki Juru | kalawan para sêntana ||
31.019 kinarutug dening bêdhil | tan gumisir Senapatya | kadi pinrada jajane | pan dadi pêpaèsira | Senapati ngandika | apa si kang sira rêbut | sira kapati [[f. 222r]] milu prang ||
31.020 pan dudu jamanmu iki | sira pan wong têtêbusan | padha lumayua kabèh | sira padha mardikaa | sakarsa-karsanira | wetan punika gustimu | adipati ing Banawa ||
31.021 sakèhe kang para mantri | kalawan wong têtêbusan | prasami lumayu kabèh | angungsi lawang kang wetan | Senapati Anglaga | malêbêt ing alun-alun | prasami anitih kuda ||
31.022 anêkung luhuring waji | pan kadi wong asupêna | mêrêm punika lampahe | wong Kudus lawan wong Dêmak | niba tangi lumayya | pangrasane dipun amuk | mring Senapati Anglaga ||
31.023 kèh mati de gamannèki | wadya Pajang sampun sirna | Kya Juru pangandikane | Ki Bayi kêna punapa | wong aprang têka nendra | mêngsahira sampun larut | Senapati angandika ||
31.024 saking kawula puniki | nora sêdya angrusaka | mring sultan anak putune [[f. 222v]: putu...ne] | Ki Bayi wus karsaning Yyang | pakanirèku darma | anurut karsa Yyang Agung | wontên ta kaum satunggal ||
31.025 bêktan saking Dêmak uni | apan dadi suranata | mapan migah witanane | saryya anggawa sanjata | Senapati gya prapta | binêdhil sing witanèku | tumênga Ki Senapatya ||
31.026 sira kaum salah kardi | arêp dadi apa sira | sarwi ginêbug tumbake | dawir kupinge wus pêjah | Senapati wus prapta | lawang wêkasan agupuh | sang putri mapag ing lawang ||
31.027 saryya nukêmi anangis | sêsambate amlasarsa | kakang punapa karsane | Senapati angandika | yi sira tanpa ngrasa | wong wadon apêksa luwung | kudu paksa dadi nata ||
166–167 dari 206