Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 42
166–167 dari 206
1.658–1.667 dari 2.053
31.024 saking kawula puniki | nora sêdya angrusaka | mring sultan anak putune [[f. 222v]: putu...ne] | Ki Bayi wus karsaning Yyang | pakanirèku darma | anurut karsa Yyang Agung | wontên ta kaum satunggal ||
31.025 bêktan saking Dêmak uni | apan dadi suranata | mapan migah witanane | saryya anggawa sanjata | Senapati gya prapta | binêdhil sing witanèku | tumênga Ki Senapatya ||
31.026 sira kaum salah kardi | arêp dadi apa sira | sarwi ginêbug tumbake | dawir kupinge wus pêjah | Senapati wus prapta | lawang wêkasan agupuh | sang putri mapag ing lawang ||
31.027 saryya nukêmi anangis | sêsambate amlasarsa | kakang punapa karsane | Senapati angandika | yi sira tanpa ngrasa | wong wadon apêksa luwung | kudu paksa dadi nata ||
31.028 nora patut sira èstri | arinira ikang lanang | ya pantês dadia katong | sang putri nangis alara | angraos kalêrêsan | kathah-kathah sambatipun | ingsun têdha uripana [[f. 223r]: uripa...na] ||
31.029 kakang rayi dika iki | kadhaton katur punika | lan sakèh rajabranane | Senapati angandika | mêngko di bajonira[1] | inggih wontên jro kadhatun | lah cêkêlên bajonira ||
31.030 sang putri nulya nglampahi | Dipati Dêmak tan ola | binănda sabuke cindhe | wus katur mring Senapatya | yayi sira mantuka | ing Dêmak pan nagaramu | ing Pajang dudu gonira ||
31.031 Ki Bênawa kang darbèni | anggêntènana jêng sultan | sira muliha dèn age | isun agawani wadya | nulya aglis lumampah | Senapati wus malêbu | barkatan kopa[2] cinandhak ||
31.032 Ki Gathayu dipun sunggi | piyambak binakta mêdal | turune tan purun ngangge | punika mila-milanya | wus kangge kang kêkapa | ing Puspakancana iku | dyan ngaturi Mas Banawa ||
31.033 tan asuwe nuli prapti | ngiring dening mantri Pajang | Dipati Banawa age | anukêmi padanira [[f. 223v]: padani...ra] | Senapati Ngalaga | Dipati Banawa matur | lah kakang punapa karsa ||
166–167 dari 206

 


bojonira (dan di tempat lain). (kembali)
kapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 31.31.7). (kembali)