Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31–32 dari 42
167–168 dari 206
1.663–1.672 dari 2.053
| 31.029 | kakang rayi dika iki | kadhaton katur punika | lan sakèh rajabranane | Senapati angandika | mêngko di bajonira[1] | inggih wontên jro kadhatun | lah cêkêlên bajonira || |
| 31.030 | sang putri nulya nglampahi | Dipati Dêmak tan ola | binănda sabuke cindhe | wus katur mring Senapatya | yayi sira mantuka | ing Dêmak pan nagaramu | ing Pajang dudu gonira || |
| 31.031 | Ki Bênawa kang darbèni | anggêntènana jêng sultan | sira muliha dèn age | isun agawani wadya | nulya aglis lumampah | Senapati wus malêbu | barkatan kopa[2] cinandhak || |
| 31.032 | Ki Gathayu dipun sunggi | piyambak binakta mêdal | turune tan purun ngangge | punika mila-milanya | wus kangge kang kêkapa | ing Puspakancana iku | dyan ngaturi Mas Banawa || |
| 31.033 | tan asuwe nuli prapti | ngiring dening mantri Pajang | Dipati Banawa age | anukêmi padanira [[f. 223v]: padani...ra] | Senapati Ngalaga | Dipati Banawa matur | lah kakang punapa karsa || |
| 31.034 | punika lamun suwawi | tuwan jumênênga nata | Senapati ngandika lon | sira yayi jumênênga | gumantya ana Pajang | ku yayi prayoganingsun | nging yayi ikang sun têdha || |
| 31.035 | sakèhe pusaka Jawi | kang saking ing Majalêngka | kang nèng Pajang sun jaluke | sun gawa maring Mataram | ikang rayi sumăngga | langkunge saking puniku | pan kagêngan jêngandika || |
| 31.036 | garêbong wus dèn dandani | pun Bale Lumur wastanya | jêbad bètri panggritane | găngsa Ki Sêkardalima | Satomi sakancanya | binakta Matram rumuhun | Senapati angandika || |
| 31.037 | lah yayi manira amit | kantuna sira wibawa | kang rayi atur bêktine | Senapati sampun bubar | mantuk dhatêng Mataram | suka wau ing tyasipun | manahe lir guladrawa || |
| 32. Dhandhanggula | |
| 32.001 | sampun [[f. 224r]] prapta nagara Mêtawis | wadyanira mantuk sowang-sowang | pinapag dening rabine | sukaning donya iku | nora nana lir mênang jurit | adawa yèn wiwinarna |[3] Senapati mêtu | sinêba pêpêk kang wadya | pra sêntana Măndraka mugèng ing ngapti | Senapati ngandika || |
167–168 dari 206
| 1 | bojonira (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | kapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 31.31.7). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: adawa yèn winarna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.1.6). (kembali) |