Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 42
165–166 dari 206
1.643–1.652 dari 2.053
31.009 Senapati wus angrampid | anèng sajabaning kitha | tinêtêgan ing pintune | Sang Senapati kewuhan | na pawong sanakira | tinênggênah tugu pintu | Kyai Gêdhong wastanira ||
31.010 matur saking ing jro kori | punapa karsa paduka | ulun mêngani karane[1] | nging kawulakna manira | pakanira ku sapa | gih pun Gêdhong wasta ulun [[f. 221r]: u...lun] | Senapati emut ing tyas ||
31.011 apan nugil băngsa èlmi | sampun amêngani lawang | Ki Gêdhong cundhuk ngarsane | Senapati angandika | nibakakên wasiyat | ing saturun-turun ingsun | lawan turun pakanira ||
31.012 têdhak ingsun dadya aji | turunira ngêmbanana | aja salaya sirnane | Ki Gêdhong nuli wotsêkar | tan kawawi narima | pasihanira pan agung | punapa walês kawula ||
31.013 kula nuwun manggut jurit | wong Pajang maksih akathah | baris ngalun-alun gène | kalawan wong têtêbusan | Bali Bugis Mêkasar | sakala padha lumayu | angusi jro ing kadhatyan ||
31.014 matur lamun Senapati | wus malêbu jroning kitha | wus bêdhah kori kang kilèn | Dipati Dêmak sru duka | dhatêng wong têtêbusan | ature langkung atêguh | sakèh mimis tan tumama ||
31.015 Dipati Dêmak sru runtik | hèh kabèh padha balia | tan angrasa sira kabèh | yèn sira têbusan [[f. 221v]: têbu...san] ingwang | sun kêthoki ta sira | mring Senapati Mêtarum | wadyanira samya makat[2] ||
31.016 wong têbusan nora kari | padha sêdya ngamuk sira | saking wêdine gustine | Ki Gêdhong ngamuk wong Pajang | kathah kanin myang pêjah | wus untung karoban duduh | Ki Gêdhong sampun palastra ||
31.017 sampun karsaning Yyang Widi | salaminira tinitah | tan pasah dening brajane | aningali Senapatya | lamun Ki Gêdhong pêjah | adhuh pawong sanak isun | dening ta nuli palastra ||
31.018 durung wruh raose iki | banyu lawan sêganiwang | kasêlak ngêmasi mangke | lah sasabana lêlincak | Senapati dyan mangsah | datan atêbah Ki Juru | kalawan para sêntana ||
165–166 dari 206

 


korine. (kembali)
mangkat (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 31.15.7). (kembali)