Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 42
171–172 dari 206
1.705–1.714 dari 2.053
32.034 suka-suka Adipati Mangir | yèn mêngkatên rama maratuwa | ajrih dhumatêng [[f. 229v]: dhu...matêng] mantune | mulane putuningsun | apriyoga mêngko wus dadi | jangêt kinatêlonan | maratuwa punjul | mantune luwih sudibya | igih eyang kula dinamêla tawing | sudi ikang tan seba ||
32.035 sampun tumut-tumut rama aji | kula ratane nêgari Jawa | sarwi angêntrog pupune | wis adandana gupuh | wus siyaga tutut sang dèwi | kakunge suka-suka | mêpak joli tandhu | wus sumaos kang gêgaman | nulya bubar Dipati Mangir lan rabi | sigahane atêbah ||
32.036 Kyai Juru duta atur uning | sampun katur ing sawêlingira | Sang Prabu Mataram miyos | Măndaraka ing ngayun | pra sêntana jajar bopati | mantri pêpak sadaya | samya kinèn mêthuk | têlas mantri ing Mataram | tundha-tundha angegalakên ing siwi | agya arsa kapanggya ||
32.037 langkung suka Adipati Mangir | asih têmên rama prabu mringwang | agêgancangan lakune [[f. 230r]: laku...ne] | wus prapta dyan tumurun | saking joli wau kang rabi | ki dipati tumêdhak | dinuk tingal prabu | adoh ingawe wus prapta | ing ngayunan ngandika Prabu Mêtawis | kaki dèn marang ngarsa ||
32.038 abukuh bêkti sumungkêm siti | lah majua angujung maringwang | nuwun wotsêkar ature | majêng arsa angujung | ing suku sang arsa nungkêmi | nginggati panêmbahan | tinitih ing pupu | jăngga tugêl wus apisah | lan kuwănda Dipati Mangir ngêmasi | sirêp sakèh tumingal ||
32.039 iki baya kang arsa ngayoni | maring kita patigi[1] Mataram | nora sinăngga bobote | kang kèri pupunisun | durung silih nêlaskên budi | wus kondur sri nalendra | timbalan wus dhuwuh[2] | kinèn jarah Kamangiran | sadarbèke amboyong sakèhing èstri | kêrigan wong Mataram ||
32.040 nging waos Ki Baru kèn jajari | wus jinarah Kamangiran têlas | binayong anak rabine [[f. 230v]: ra...bine] | waos Kiyai Baru | wus binêkta dipun jajari | sêsigahan atêbah | wus manjing kadhatun | miwah boyongan jarahan | katur kabèh langkung suka sri bupati | wus karsaning Yyang Sukma ||
32.041 ênêngêna Mataram kariyin | kawarnaa Adipati Pajang | Banawa ika jênênge | mapan suka kalangkung | sakathahe kang para mantri | dening gustine lama | kang jumênêng ratu | sukane nora bêbakal | karta-karti nêgari ing Pajang nguni | tan kawarna laminya ||
32.042 wus sataun Mas Banawa sakit | têkèng dudu pan sampun seda |[3] mantri tur uninga age | datatita winuwus | kang kocapa Prabu Mêtawis | sineba dening wadya | pra putra supênuh | tanapi kang para kadang | kang anèng ngarsa Adipati Matawis | ikang jajar alênggah ||
32.043 Ki Adipati Amangkubumi | lawan Adipati Singasêkar | sang nata pangandikane | kakang dipati iku [[f. 231r]: i...ku] | Măndaraka sun jaluk pikir | ara-uru ing Pajang | patine riningsun | adipati ring Bênawa | para putra rêrêbutan kadipundi | bêcike pikirira ||
171–172 dari 206

 


patinggi. (kembali)
dhawuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.39.7). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: têkèng ing dudu pan sampun seda (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.42.2). (kembali)