Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 42
171–172 dari 206
1.709–1.718 dari 2.053
32.038 abukuh bêkti sumungkêm siti | lah majua angujung maringwang | nuwun wotsêkar ature | majêng arsa angujung | ing suku sang arsa nungkêmi | nginggati panêmbahan | tinitih ing pupu | jăngga tugêl wus apisah | lan kuwănda Dipati Mangir ngêmasi | sirêp sakèh tumingal ||
32.039 iki baya kang arsa ngayoni | maring kita patigi[1] Mataram | nora sinăngga bobote | kang kèri pupunisun | durung silih nêlaskên budi | wus kondur sri nalendra | timbalan wus dhuwuh[2] | kinèn jarah Kamangiran | sadarbèke amboyong sakèhing èstri | kêrigan wong Mataram ||
32.040 nging waos Ki Baru kèn jajari | wus jinarah Kamangiran têlas | binayong anak rabine [[f. 230v]: ra...bine] | waos Kiyai Baru | wus binêkta dipun jajari | sêsigahan atêbah | wus manjing kadhatun | miwah boyongan jarahan | katur kabèh langkung suka sri bupati | wus karsaning Yyang Sukma ||
32.041 ênêngêna Mataram kariyin | kawarnaa Adipati Pajang | Banawa ika jênênge | mapan suka kalangkung | sakathahe kang para mantri | dening gustine lama | kang jumênêng ratu | sukane nora bêbakal | karta-karti nêgari ing Pajang nguni | tan kawarna laminya ||
32.042 wus sataun Mas Banawa sakit | têkèng dudu pan sampun seda |[3] mantri tur uninga age | datatita winuwus | kang kocapa Prabu Mêtawis | sineba dening wadya | pra putra supênuh | tanapi kang para kadang | kang anèng ngarsa Adipati Matawis | ikang jajar alênggah ||
32.043 Ki Adipati Amangkubumi | lawan Adipati Singasêkar | sang nata pangandikane | kakang dipati iku [[f. 231r]: i...ku] | Măndaraka sun jaluk pikir | ara-uru ing Pajang | patine riningsun | adipati ring Bênawa | para putra rêrêbutan kadipundi | bêcike pikirira ||
32.044 sapa ikang yogya agêntèni | jumênêng Pajang Dipati Măndraka |[4] ing mangke aris ature | jangandika yèn sarju | putra Pajang patut pinilih | kang pantêsa bupatya | ikang bêkti prabu | langkung babot jêngandika | pan kawula botên purun anglangkungi | panêmbahan ngandika ||
32.045 iya bênêr kakang jarirèki | jêr kang duwe nging pangrasaningwang | yèn gawenên kang sawiyos | nora wande ku besuk | dadi kardi angrêribêdi | tan wande salang tumbak | lan wong Pajang isun | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada lawan sira sun tanêmi | saking nagri Mataram ||
32.046 putra ing Pajang isun birati | ja na tuwuh kang sun tanêm Pajang | arinira Ki Mas Tompe [[f. 231v]] | Măndaraka jumurung | pra sêntana arêmbug gilig | mantri samya arêmbag | Panêmbahan muwus | kang Dipati Makubumya[5] | lawan adhi dipata[6] ing Singasari | ika kang lumakua ||
32.047 angligihêna arinirèki | Ki Mas Tompe jumênêng ing Pajang | adipati kêkasihe | manawa na kang purun | anggawaa dandanan jurit | wong Majêgan milua | wong Pajang yèn purun | sira kêmbarana yuda | sirnakêna payo mangkata dèn aglis | anulya sami bubar ||
171–172 dari 206

 


patinggi. (kembali)
dhawuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.39.7). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: têkèng ing dudu pan sampun seda (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.42.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: jumnêng Pajang Dipati Măndraka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.44.2). (kembali)
Mangkubumya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.46.8). (kembali)
dipati (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.46.9). (kembali)