Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 42
171–172 dari 206
1.703–1.712 dari 2.053
| 32.032 | yèn tan binêkta seba rama ji | nora isun amada kawongan | amung pranatane bae | bungahe wong asunu | palakrama sami ngujungi | yèn nora tinurutan | isun plaur lampus | yèn tinuruta wak iwang | sakarsane lakiku Dipati Mangir | nora ningali liyan || |
| 32.033 | gibrah-gibrah Adipati Mangir | iya iya yayi iya |[1] eyang nanging ajrih ingong | kaki isun kang nanggung | dêdukane sri narapati | Ki Bayi sira uga | tansah ngamu-amu | pinrih kêna dadi rencang | satêmêne yèn puruna dèn lurugi | wêgah mara ing sira || |
| 32.034 | suka-suka Adipati Mangir | yèn mêngkatên rama maratuwa | ajrih dhumatêng [[f. 229v]: dhu...matêng] mantune | mulane putuningsun | apriyoga mêngko wus dadi | jangêt kinatêlonan | maratuwa punjul | mantune luwih sudibya | igih eyang kula dinamêla tawing | sudi ikang tan seba || |
| 32.035 | sampun tumut-tumut rama aji | kula ratane nêgari Jawa | sarwi angêntrog pupune | wis adandana gupuh | wus siyaga tutut sang dèwi | kakunge suka-suka | mêpak joli tandhu | wus sumaos kang gêgaman | nulya bubar Dipati Mangir lan rabi | sigahane atêbah || |
| 32.036 | Kyai Juru duta atur uning | sampun katur ing sawêlingira | Sang Prabu Mataram miyos | Măndaraka ing ngayun | pra sêntana jajar bopati | mantri pêpak sadaya | samya kinèn mêthuk | têlas mantri ing Mataram | tundha-tundha angegalakên ing siwi | agya arsa kapanggya || |
| 32.037 | langkung suka Adipati Mangir | asih têmên rama prabu mringwang | agêgancangan lakune [[f. 230r]: laku...ne] | wus prapta dyan tumurun | saking joli wau kang rabi | ki dipati tumêdhak | dinuk tingal prabu | adoh ingawe wus prapta | ing ngayunan ngandika Prabu Mêtawis | kaki dèn marang ngarsa || |
| 32.038 | abukuh bêkti sumungkêm siti | lah majua angujung maringwang | nuwun wotsêkar ature | majêng arsa angujung | ing suku sang arsa nungkêmi | nginggati panêmbahan | tinitih ing pupu | jăngga tugêl wus apisah | lan kuwănda Dipati Mangir ngêmasi | sirêp sakèh tumingal || |
| 32.039 | iki baya kang arsa ngayoni | maring kita patigi[2] Mataram | nora sinăngga bobote | kang kèri pupunisun | durung silih nêlaskên budi | wus kondur sri nalendra | timbalan wus dhuwuh[3] | kinèn jarah Kamangiran | sadarbèke amboyong sakèhing èstri | kêrigan wong Mataram || |
| 32.040 | nging waos Ki Baru kèn jajari | wus jinarah Kamangiran têlas | binayong anak rabine [[f. 230v]: ra...bine] | waos Kiyai Baru | wus binêkta dipun jajari | sêsigahan atêbah | wus manjing kadhatun | miwah boyongan jarahan | katur kabèh langkung suka sri bupati | wus karsaning Yyang Sukma || |
| 32.041 | ênêngêna Mataram kariyin | kawarnaa Adipati Pajang | Banawa ika jênênge | mapan suka kalangkung | sakathahe kang para mantri | dening gustine lama | kang jumênêng ratu | sukane nora bêbakal | karta-karti nêgari ing Pajang nguni | tan kawarna laminya || |
171–172 dari 206
| 1 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: iya iya yayi iya iya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.33.2). (kembali) |
| 2 | patinggi. (kembali) |
| 3 | dhawuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.39.7). (kembali) |