Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 42
168–169 dari 206
1.675–1.684 dari 2.053
| 32.004 | kinèn momong Ki Mas Damar uni | kacarita prakosa bujana | Ki Nitik inu [[f. 224v]: i...nu] lakune | yèn seba langkung junun | lir sêmbahyang nêmbah Yyang Wadi[1] | jarijine sinarad | padhati puniku | dènnya lênggah nora obah | dipun gèndèng rêmak kang mesa padhati | kaloka lamun rosa || |
| 32.005 | Radèn Răngga langkung panas galih | nora kêna wong kalok digdaya | ingayonan ta karsane | yèn nyata arsa guru | nanging kêdhik ikang nadhahi | kawiratamanira | wiwrin wong Matarum | kondur ngadhaton sang nata | Radèn Răngga panase maring Ki Nitik | dening kalok digdaya || |
| 32.006 | karsanira wau dèn ayoni | glis carita ing Sênèn dinanya | pêpak ing paseban andhèr | Ki Nitik wus aluguh | ing paglaran lir wong ngabakti | tan wruh ing kèri kanan | jarijinya ngacung | sanepa anglir wong tayat | Radèn Răngga wus awas maring Ki Nitik | linangkungan ngarsanya || |
| 32.007 | sinampe tugêl darijinèki | nora kawal Ki Nitik tan obah | maksih atêtêp silane [[f. 225r]: sila...ne] | wus katur ing sang prabu | wiku raja anulya mijil | kang putra tinimbalan | Radèn Răngga wau | sarya mèsêm angandika | sutèng ulun Răngga pinuji yèn luwih | rosa miwah digdaya || |
| 32.008 | samya wiwrin wongira Mêtawis | apa nyata kaki alèh mara | putungên jarijiningong | Radèn Răngga jrih bukuh | mukanira konjêm ing siti | wruh yèn kang rama duka | lah kaki dèn gupuh | anuwun-nuwun Dèn Răngga | alah mara kaki aja wêdi-wêdi | ayonana sadhela || |
| 32.009 | sun kawênangakên sira kaki | dèn aturut ujar wong atuwa | Răngga dèn nglampahi pakon | anuwun awotsantun | duka dalêm kawula pundhi | anulya dipun candhak | astane sang prabu | ginujêg-gujêg tan obah | kadrawasan angandika sri bupati | sutèng ulun arosa || |
| 32.010 | nyata luwih wis uculna kaki | sun tarima wiratamanira | Rahadèn Răngga wantune | anggujêng [[f. 225v]] mêksa kukuh | hèh alara uwis ta kaki | mandahe si wong alyan | kinipatkên asru | ucul malêsat Dèn Răngga | nrajang banon ing kitha balong[2] sajalmi | lajêng saking jrihira || |
| 32.011 | Radèn Răngga purik dhatêng Pathi | Panêmbahan ngandika ya bata | rosa emane putrèngong | wus karsaning Yyang Agung | nora panjang yusyanirèki | sun têdha adawaa | dadi kanthiningsun | sampun kondur Panêmbahan | wus alama tan pulih sakiting galih | Dèn Răngga anru brăngta || |
| 32.012 | angulari marganing matitis | langkung jrih wirang dukaning rama | kang paman sru pawarahe | tinanggêl sakèhipun | dêdukane ramanira ji | nanging Dèn Răngga maksa | ngupados dalanggung | matitis kang banthèng galak | macan galak kawatgata padha mati | wong kang luwih suh sirna || |
| 32.013 | nêngna kocapa Kali Paragi | ana uling gêng sabongkoting [[f. 226r]: sabongkot...ing] tal | cinatur mula-mulane | wadyane Nyai Kidul | ambaluthah dipun dukani | tinundhung mila kentar | langkung uwus-uwus | nguntali lêmbu maesa | miwah jalma wong desa samya angili | suwung lakon sadina || |
168–169 dari 206
| 1 | Widi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.4.5). (kembali) |
| 2 | bolong. (kembali) |