Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32–33 dari 42
173–174 dari 206
1.725–1.734 dari 2.053
32.054 Panêmbahan angandika aris | alah kakang Dipati Măndraka | isun arsa marêk mangke | mring Susunan ing Gunung | angyaktèni wirayatnèki | sun têdha ing yaktinya | nêdha aminipun | mring sunan sun ngadêg nata | gih jumurung ing karsanira sang aji | mangke sampun mangsanya ||
32.055 ayaktèni lan karsa Yang Widi | nulya Pangalasan kang dinuta | mring Giri bakta surate | bakta wong patang puluh | pangalasan mêsat ngarsa ji | sarta mundhi nawala- | nira sang aulun | sampun [[f. 233r]: sampu...n] kondur Panêmbahan | kang kocapa Susunan Giri siniwi | pêpak putra sêntana ||
32.056 Pangalasan Matawis wus prapti | linarapkên ngandikan mring ngarsa | anuli atur tulise | tinampan Sunan Gunung | pan mangkana ungêling tulis | atur bêkti kawula | kaping kalihipun | kawula anuwun duka | nuwun barkat kawula arsa yaktèni | wirayat pangandika ||
32.057 dhatêng pun bapa kula yaktèni | Panêmbahan Giri mèsêm nala | amirsa ungêl tulise | ngandika Sunan Gunung | hèh matura ing Senapati | iya dèn yêktènana | mimitana kruwun | ngluruga nagri bang wetan | lamun benjang yèn prapti na wangsit mami | dhumatêng kang sarira ||
32.058 dan Pangalasan nêmbah wus amit | tumurun sing Giri gêgancangan | Panêmbahan andikane | sapa wruha Matarum | mutêr bumi wirayat mami | ing Mataram punika | benjang dadi ratu | mêngku kabèh tanah Jawa | nadyan Giri yèn sisipa dadi abdi | durmane [[f. 233v]: dur...mane] ikang wikan ||
33. Durma
33.001 wus parentahing Yyang nora kêna owah | apan ta wis pinasthi | ing dahuru jaman | ratu padha ngawula | kawula kèh dadi gusti | tandhane ana | Pajang lawan Matawis ||
33.002 para santana kabèh padha karuna | matur dhumatêng gusti | panêdha kawula | sampun mênangi ămba | wis pasthining Yyang tan gisir | nêngna ing Arga | kocap rajèng Matawis ||
33.003 lagya sinewaka de bala sêntana | yuyunên dera nganti | ing putusanira | Dyan Pangalasan prapta | jumrajog matur wotsari | lampah kawula | lampah kula wus prapti ||
33.004 sampun katur ing atur bêkti sampeyan | winaca punang tulis | langkung sukanira | anuntên angandika | kang salam donga rumiyin | kaping kalihnya | lamun arsa yaktèni ||
33.005 kang wirayat ingsun andonga Yyang Sukma | mugi Ki Senapati | mutêra ing Jawa | suka jro nalanira | cinêtha [[f. 234r]] amutêr bumi | marang susunan | Gusti Sinuwun Giri ||
173–174 dari 206