Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 42
174–175 dari 206
1.740–1.749 dari 2.053
33.011 ikang dadi pawingking jalma Kajoran | tinon gaman Mêtawis | lir Endra prawata | wau kang wadyabala | lampahe kagiri-giri | nêngna kocapa | Dipati Surabanggi ||
33.012 wus ngaturan paksi de wong kajinêman | wong Mataram nindaki | mangke wus nèng marga | Dipati Surabaya | utusan mring kèh nêgari | Sidayu Tuban | Lasêm lawan Garêsik ||
33.013 lan Madura Pakacangan Aribaya | ing Sumênêp lan malih | nagri ing Balega | Pasuruan Lumajang | Wirasaba Malang Kdhiri | Srêngat Balitar | Kalangbrèt miwah Rawi ||
33.014 kinèn dhatêng pacak baris anèng Japan | Madiun Panaragi | kinèn jaga pura- | nira pan dhawak-dhawak | sakèh nêgara wus prapti | sagêgamannya | sêdya mapag ajurit ||
33.015 sêdyanira nyabili gaman Mataram | prayitna kèh bopati | wong Mataram prapta | nêgih nêgari Japan | sêdya binêdhah ngajurit | sikêp bang [[f. 235r]] wetan | Japan dèn parêpêki ||
33.016 ayun-ayunan kocap Susunan Ngarga | wus ingaturan uning | lamun wong Mataram | nênggih angêmpung[1] Japan | wong wetan samya nulungi | anèng ing Japan | ayun-ayunan jurit ||
33.017 Pangran Giri utusan kaum sadasa | sarta amundhi tulis | adan sami mintar | duta prapta ing Japan | mondhok satêngahing baris | Prabu Mataram | wau dipun utusi ||
33.018 wong agung wetan kabèh samya ngutusan | anulya samya prapti | raja ing Mataram | lan Pangran Surabaya | bupati pêpêkan sami | duta ing Arga | sigra dènira angling ||
33.019 hèh Senapati Ngalaga ing Mataram | Dipati Surabanggi | lan sakèh bopatya | ing bang wetan sadaya | ingutus sang maha yêkti | amawa surat | pirsakêna ing mangkin ||
33.020 pan winaca sêrat dalêm mring utusan | ngarsane pra dipati | mawi [[f. 235v]] salam donga | mring Senapati Nglaga | tuwin Pangran Surabanggi | myang kèh bupatya | kapindhone sirèki ||
174–175 dari 206

 


angêpung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 33.16.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.25.3). (kembali)