Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
33–34 dari 42
176–177 dari 206
1.755–1.764 dari 2.053
| 33.026 | nulya angling ikang sun pilih isinya | pakanira duwèni | wadhah alah iya | yayi sakarsanira | wus tampan-tinampan janji | kasaksèn duta | bubar mring pondhoknèki || |
| 33.027 | Raja Mataram duk sineba ing bala | ngandika sri bupati | ke raka Măndraka | besuk bumi bang wetan | kabèh sapa angilèni | sapa wêruha | amasthi isun ambil || |
| 33.028 | lah ing mangke wong Mataram bubarêna | nulya têngara muni | kondur Senapatya | wong bang wetan wus bubar | kocapa Susunan Giri | sampun amirsa | yèn wong ing Surabanggi || |
| 33.029 | milih dhingin têka nora kabênêran | pasthinya kukuh bumi | winuni Dipatya | Surabaya sineba | de putra sêntananèki | nulya ngandika | mring supênuhing mantri || |
| 33.030 | lah nêgara kidul iki sinalinan | wong Surabaya [[f. 236v]] sami | kentar angirida | sakèhe wong bang wetan | wus bubar ingkang tinuding | sagêgamannya | ing Sande dèn lurugi || |
| 33.031 | wus kalah tinanêman wong Surabaya | wong wetan padha mulih | Adipati Pajang | utusan atur wikan | yèn ing Sande dèn lurugi | mangke wus kalah | ngling Sang Nata Mêtawis || |
| 33.032 | têka mênênga si adhi Pajang ika | de Sande rusak iki | wis măngsa ilanga | sakèhe wong bang wetan | kagungan isun pribadi | lan pangèstunya | Kangjêng Sinuwun Giri || |
| 33.033 | isun iki iya măngsa mênangana | nak putuningsun benjing | ya angrata Jawa | sira ngling Măndaraka | punapa karsa ing mangkin | nagri bang wetan | wong anom padha wani || |
| 34. Sinom | |
| 34.001 | lah sawawi linurugan | binêdhah ikang nêgari | winalêsan binahakan | lah kakang sabarna dhingin | wulan Muharam benjing | nêdha mring bang wetan nglurug | ênêngna kang kocapa | Adipati [[f. 237r]: Adi...pati] Ponaragi | nèng Madiun apan lagi pirêmbagan || |
| 34.002 | Raja Madiun angucap | mring sakèhe para mantri | makene[1] ta karêp iwang | lah adhi ing Ponaragi | kaya apa ing nguni | Senapati ing Matarum | saya angămbra-ămbra | karêpira ngosak-asik | angrata nusa Jawa yèn dika rêmbag || |
176–177 dari 206
| 1 | mangkene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 34.2.3). (kembali) |