Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 42
174–175 dari 206
1.733–1.742 dari 2.053
33.004 sampun katur ing atur bêkti sampeyan | winaca punang tulis | langkung sukanira | anuntên angandika | kang salam donga rumiyin | kaping kalihnya | lamun arsa yaktèni ||
33.005 kang wirayat ingsun andonga Yyang Sukma | mugi Ki Senapati | mutêra ing Jawa | suka jro nalanira | cinêtha [[f. 234r]] amutêr bumi | marang susunan | Gusti Sinuwun Giri ||
33.006 Panêmbahan ngandika mring Măndaraka | nêdha bubar tumuli | dhihin kangjêng rama | seba marêk susunan | ing wulan Muharam uni | sun tumanduka | mring bang wetan puniki ||
33.007 wulan Muharam anut marga kang kina | ing mangke karsa mami | kakang putusana | mring Dêmak Kalinyamat | atanapi wong ing Pathi | padha dandana | gêgaman mring Matawis ||
33.008 ing Pajang Jagaraga padha saosa | sadandanan ngajurit | sungana wruh samya | yèn sun arsa ngluruga | tan kawarna wus marêngi | sasi Muharam | pêpak wadya Mêtawis ||
33.009 Pathi Dêmak Pajang lawan Jagaraga | Kalinyat wus prapti |[1] wadya Pamajêgan | wus pêpak barisira | sigra makat sri bupati | wong Jagaraga | ikang lumampah ngarsi ||
33.010 nuli wadya Pajang wiking[2] wadya Dêmak | Kalinyamat ing Pathi | sambung ing Majêgan | nuli wadya Mataram | Măndaraka anèng wuri | lawan sêntana | panêmbahan [[f. 234v]: pa...nêmbahan] nèng wuri ||
33.011 ikang dadi pawingking jalma Kajoran | tinon gaman Mêtawis | lir Endra prawata | wau kang wadyabala | lampahe kagiri-giri | nêngna kocapa | Dipati Surabanggi ||
33.012 wus ngaturan paksi de wong kajinêman | wong Mataram nindaki | mangke wus nèng marga | Dipati Surabaya | utusan mring kèh nêgari | Sidayu Tuban | Lasêm lawan Garêsik ||
33.013 lan Madura Pakacangan Aribaya | ing Sumênêp lan malih | nagri ing Balega | Pasuruan Lumajang | Wirasaba Malang Kdhiri | Srêngat Balitar | Kalangbrèt miwah Rawi ||
174–175 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kalinyamat wus prapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 33.9.2). (kembali)
wingking (dan di tempat lain). (kembali)