Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34–35 dari 42
178–179 dari 206
1.774–1.783 dari 2.053
34.012 Senapati angandika | Adisari isun tuding | manjinga [[f. 238v]] Madiun sira | dèn bisa-bisa mèt ati | dèn bakit[1] sira nini | sarta gawa surat ingsun | paès nyandhanga endah | yèn wus katur surat mami | alah yayi benjang gêng ganjaraningwang ||
34.013 Adisari matur nêmbah | nadyan tumêka ing pati | kawula botên lênggana | wus paès Ni Adisari | asring agawe brangti | kang andulu padha wuyung | sapolahe araras | dhasaripun parêk ati | wong utama ing têmbung mijil asmara ||
35. Mijil
35.001 Senapati angandika aris | wadyanira kinon | angiringa ing Adisarine | asaosa tandhu lawan joli | pun Warung acawis | jali[2] lawan tandhu ||
35.002 sira gawaa wong kawan dèsi | pilihana kang wong | dèn prayitna ngiring Disarine | yèn wong wetan padha nênakoni | warahên sun apti | nungkul mring Madiun ||
35.003 datan sêdya amusuha jurit | kalawan sang katong | kang sinêmbah ing Madiun mangke [[f. 239r]] | lawan sira Disara[3] sun wêling | yèn ginibang[4] dening | marang putranipun ||
35.004 sanadyan nini ta sri bupati | lakonana kang wong | sajabane parimana bae | anging aja têka ing sayêkti | nêmbah nuwun amit | jinali lumaku ||
35.005 sêratira tansah dipun pandhi | ulês taluki jo | panginangan anèng ing ngayune | kalih welas samya ulês kuning | kacu mas tanapi | bakor[5] mas ing ngayun ||
35.006 lan paidon ngling ati Disari | upama sang katong | nora kênaa sun gebang mangke | baya doh wong wadon tan kawarni | ing Madiun prapti | gawok kang andulu ||
35.007 wong bang wetan samya anakoni | pan sakathahing wong | kang jinoli nrajang baris gêdhe | upacarane sri anauri | Warung wruhanèki | Senapati nukul ||
35.008 mring Sri Bupati Madiun iki | datan sêdya mangko | amusuh prang wong bang wetan kabèh | samya angling iku Senapati | angrasa yèn cili [[f. 239v]] | milane anungkul ||
178–179 dari 206

 


bangkit (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 34.12.5). (kembali)
joli (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 12.2.6). (kembali)
Disari. (kembali)
ginêbang. (kembali)
bokor. (kembali)