Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 42
179–180 dari 206
1.787–1.796 dari 2.053
35.012 sapa ranira wismamu ngêndi | Disari wotsinom | kawula punika putusane | Senapati Ngalaga Mêtawis | kinèn turkên bêkti | lawan suratipun ||
35.013 arsa nukul punika kang tulis | katura sang katong | Senapati Ngalaga ature | sampun kawrat salêbêting tulis | sang nata nampani | sêrat sarwi kanyut ||
35.014 sêratira sinung putranèki | Radèn Lonthang [[f. 240r]] kang wong | nulya winaca asru surate | kunêng punika bêbukaning tulis |[1] kawula tur bêkti | dening kamipurum[2] ||
35.015 ngaturi sêrat dhatêng nêrpati | tan wruh awak ingong | kaping kalih tan anêdya mangke | amusuha ing paduka aji | anêdya angabdi | ing tuwan sang prabu ||
35.016 lan sakèhe abdi dalêm uni | wong Madiun mangko | kang angusi ing Pajang sakèhe | jêng paduka nêdhanana tulis | cacahing wong cili | katura sêdarum ||
35.017 pan kawula tan purun ngukuhi | saking baktiningong | botên kêdhap-kêdhap ing sang rajèng | sampun têlas titi măngsa tulis | saisti prayaning | kawrat surat ulun ||
35.018 Panêmbahan Madiun kagimir | angrês nala Yyang wong | amiarsa ature putrane | Senapati Ngalaga Matawis | dening ngasih-asih | ngandika sang prabu ||
35.019 mring Adisari muliha nini | matura putrangong | dèn pracaya mring isun atine | apan ingsun tan sêdya [[f. 240v]: sê...dya] musuhi | marang putra mami | pracaya Yyang Agung ||
35.020 wong bang wetan baris kene apti | amusuh putrangong | iku uga ya karêpe dhewe | isun nora milu-milu ugi | matura Disari | yèn tinakèn iku ||
35.021 kula dening putra dika uni | baris Madiun wong | kawula kadipundi ature | ya nini sun bubarakên sami | punapa sang aji | tan kintun sul-angsul ||
179–180 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: kunêng punika bêbukan tulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.14.4). (kembali)
kamipurun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.14.6). (kembali)