Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
35 dari 42
179–180 dari 206
1.788–1.797 dari 2.053
| 35.013 | arsa nukul punika kang tulis | katura sang katong | Senapati Ngalaga ature | sampun kawrat salêbêting tulis | sang nata nampani | sêrat sarwi kanyut || |
| 35.014 | sêratira sinung putranèki | Radèn Lonthang [[f. 240r]] kang wong | nulya winaca asru surate | kunêng punika bêbukaning tulis |[1] kawula tur bêkti | dening kamipurum[2] || |
| 35.015 | ngaturi sêrat dhatêng nêrpati | tan wruh awak ingong | kaping kalih tan anêdya mangke | amusuha ing paduka aji | anêdya angabdi | ing tuwan sang prabu || |
| 35.016 | lan sakèhe abdi dalêm uni | wong Madiun mangko | kang angusi ing Pajang sakèhe | jêng paduka nêdhanana tulis | cacahing wong cili | katura sêdarum || |
| 35.017 | pan kawula tan purun ngukuhi | saking baktiningong | botên kêdhap-kêdhap ing sang rajèng | sampun têlas titi măngsa tulis | saisti prayaning | kawrat surat ulun || |
| 35.018 | Panêmbahan Madiun kagimir | angrês nala Yyang wong | amiarsa ature putrane | Senapati Ngalaga Matawis | dening ngasih-asih | ngandika sang prabu || |
| 35.019 | mring Adisari muliha nini | matura putrangong | dèn pracaya mring isun atine | apan ingsun tan sêdya [[f. 240v]: sê...dya] musuhi | marang putra mami | pracaya Yyang Agung || |
| 35.020 | wong bang wetan baris kene apti | amusuh putrangong | iku uga ya karêpe dhewe | isun nora milu-milu ugi | matura Disari | yèn tinakèn iku || |
| 35.021 | kula dening putra dika uni | baris Madiun wong | kawula kadipundi ature | ya nini sun bubarakên sami | punapa sang aji | tan kintun sul-angsul || |
| 35.022 | nora kirim sun mring putra mami | rèh ingutus ingong | sun têdha kaluku sikil rajèng | wêlinge kinèn ambêkta mulih | sang nata wêwijik | tinampan wotsantun || |
179–180 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kunêng punika bêbukan tulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.14.4). (kembali) |
| 2 | kamipurun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.14.6). (kembali) |