Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
35 dari 42
178–179 dari 206
1.776–1.785 dari 2.053
| 35. Mijil | |
| 35.001 | Senapati angandika aris | wadyanira kinon | angiringa ing Adisarine | asaosa tandhu lawan joli | pun Warung acawis | jali[1] lawan tandhu || |
| 35.002 | sira gawaa wong kawan dèsi | pilihana kang wong | dèn prayitna ngiring Disarine | yèn wong wetan padha nênakoni | warahên sun apti | nungkul mring Madiun || |
| 35.003 | datan sêdya amusuha jurit | kalawan sang katong | kang sinêmbah ing Madiun mangke [[f. 239r]] | lawan sira Disara[2] sun wêling | yèn ginibang[3] dening | marang putranipun || |
| 35.004 | sanadyan nini ta sri bupati | lakonana kang wong | sajabane parimana bae | anging aja têka ing sayêkti | nêmbah nuwun amit | jinali lumaku || |
| 35.005 | sêratira tansah dipun pandhi | ulês taluki jo | panginangan anèng ing ngayune | kalih welas samya ulês kuning | kacu mas tanapi | bakor[4] mas ing ngayun || |
| 35.006 | lan paidon ngling ati Disari | upama sang katong | nora kênaa sun gebang mangke | baya doh wong wadon tan kawarni | ing Madiun prapti | gawok kang andulu || |
| 35.007 | wong bang wetan samya anakoni | pan sakathahing wong | kang jinoli nrajang baris gêdhe | upacarane sri anauri | Warung wruhanèki | Senapati nukul || |
| 35.008 | mring Sri Bupati Madiun iki | datan sêdya mangko | amusuh prang wong bang wetan kabèh | samya angling iku Senapati | angrasa yèn cili [[f. 239v]] | milane anungkul || |
| 35.009 | Sri Nalendra Madiun tinakil[5] | tatan-tatan kang wong | arsa mêdal ing sadina mangke | tan kawarna Adisari prapti | dumrajog myak baris | anungkêmi suku || |
| 35.010 | sri bupati jêngêr aningali | gêgêtun sakèh wong | wong punapa kang prapta ing mangke | ayu anom upacara asri | baya wong ngugahi[6] | marang sang aprabu || |
178–179 dari 206
| 1 | joli (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 12.2.6). (kembali) |
| 2 | Disari. (kembali) |
| 3 | ginêbang. (kembali) |
| 4 | bokor. (kembali) |
| 5 | tinangkil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 6 | ngunggahi. (kembali) |