Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 42
182–183 dari 206
1.820–1.829 dari 2.053
36.016 surak karêngèng ing langit | pêtêng kukusing sundawa | tambuh musuh lan rowange | panêmbahan non kang aprang | wus kuwur gya narajang | anging ta wadya rong atus | sarêng anyamêthi kuda ||
36.017 wong agung wetan udani | Senapati mêtu kiwa | saking kidul sabature | bupatine samya ngucap | iki Ki Senapatya | klambi tambal saking kidul | wong wetan kabèh uninga ||
36.018 gêgamane wus binalik | ngarêpakên Senapatya | wuri wong prawira kabèh | ikang ngarsa maksih pêrang | wuri ngingêr gêgaman | Senapati sigra nêmpuh | anglambung saking ngiringan [[f. 243v]] ||
36.019 wong rong atus ngamuk wani | katadhahan kèhên lawan | kadya banthèng kalêlaton | tumbake kathah kang bêlah | ngamuk kalih curiga | Senapati dèn karubut | sinasog ing ganjur rangap ||
36.020 sakèh braja tan nêdhasi | kang sifat wayang-wayangan | Senapati nora katon | nora kang saya mirisa | dadi sukaning manah | tumingal Kiyai Juru | ikang putra sada sayah ||
36.021 Kya Juru tulung sing wuri | kalih camêthi kewala | gêgaman akathah make | sinabêt prasamya tatas | watang akathah bêlah | puyêngan wong wetan dulu | ebat sakèh kang tumingal ||
36.022 wong wetan akathah mati | bupatine wus lumayya | tunjang-tinunjang wong akèh | agrêgut wadya Mataram | wong wetan kuthetheran | sakarine ikang lampus | mring nagrine sowang-sowang ||
36.023 pamuk prajurit kèh mati | Senapati Ing Ngalaga | arsa mring Madiun mangke [[f. 244r]: mang...ke] | pan maksih anitih kuda | Ki Juru angandika | Ki Jêbèng jaranirèku | sun tingali kaya pêjah ||
36.024 punang kapal nulya mati | Senapati angandika | pakanira paman dahwe | wruhanira jaraniwang | lagi lingsir patinya | ngarêpkên asar ripipun | Kiyai Juru ngandika ||
36.025 satêmêne ujar mami | aran mati uga pêjah | Senapati salin mangke | kuda ran Ki Bratayuda | ulêse nilakăntha | ngandika mring wadya agung | ing Madiun abongana ||
182–183 dari 206