Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36–37 dari 42
183–184 dari 206
1.826–1.835 dari 2.053
36.022 wong wetan akathah mati | bupatine wus lumayya | tunjang-tinunjang wong akèh | agrêgut wadya Mataram | wong wetan kuthetheran | sakarine ikang lampus | mring nagrine sowang-sowang ||
36.023 pamuk prajurit kèh mati | Senapati Ing Ngalaga | arsa mring Madiun mangke [[f. 244r]: mang...ke] | pan maksih anitih kuda | Ki Juru angandika | Ki Jêbèng jaranirèku | sun tingali kaya pêjah ||
36.024 punang kapal nulya mati | Senapati angandika | pakanira paman dahwe | wruhanira jaraniwang | lagi lingsir patinya | ngarêpkên asar ripipun | Kiyai Juru ngandika ||
36.025 satêmêne ujar mami | aran mati uga pêjah | Senapati salin mangke | kuda ran Ki Bratayuda | ulêse nilakăntha | ngandika mring wadya agung | ing Madiun abongana ||
36.026 ran iku uwiting kardi | wong Mataram wus tumandang | ngobong bayong jarah mangke | kathah băngga pinêjahan | wong Madiun tan nyana | de wuse sapadonipun | wong desa angusi kitha ||
36.027 Pangeran Madiun iki | sampun ngaturan uninga | wong Mataram lêlewane | Pangran Madiun anjola | liwat gêtuning manah | kasmaran ing suratipun | manis lir pendah srêngkara ||
37. Dhandhanggula
37.001 Panêmbahan Madiun [[f. 244v]: Madiu...n] sira ngling | nora nyana isun wong Mataram | têka polahe sêmene | marta wicaranipun | wisa batin martane lair | rubiyah adandana | karia putrèngsun | cinatur kalih kang putra | pambajênge pawèstri ayu linuwih | ikang wuragil lanang ||
37.002 ran Mas Lonthang karsane sang aji | putra èstri tinilar ing pura | karia nini putrangong | sira ikang rinêbut | wus pantêse bêdhah nêgari | bayong putra jarahan | wong dalêm kang kantun | sapratigan rêtnaningrat | panangise lara-lara amlasasih | rama ngimur ing putra ||
37.003 sun srahakên sira ing Yyang Widi | sun tilari kêris siji sira | Si Gumarang ki arane | sang putri tămpa sêmu | sampun jêngkar sri narapati | kalindhih bong-obongan | parêk kuthanipun | mantri samya rêbat paran | palayune ngalor ngetan sri bupati | ngusi ing Wirasaba [[f. 245r]] ||
37.004 Ki Mas Lonthang ngusi Surabanggi | kawuwusa kang kari ing pura | sang putri ngèsthi pêjahe | wong Mataram angêpung | ing Madiun atêpung kikis | katur mring Senapatya | yèn putri Madiun | kantun tinilar ing pura | Panêmbahan suka manjing ing jro puri | sapraptanira nglatar ||
183–184 dari 206