Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 42
182–183 dari 206
1.812–1.821 dari 2.053
36.008 yèn binêdhil ngujiwati | ana sinuduk alatah | tinatah malurud bae | winadung acikrak-cikrak | gaman lir dra pawaka | alas agêng apan gêmpur | angêbêki ara-ara ||
36.009 lir ulung rêratyan iki | myang angge-angge kang kapal | Raja Matawis ing mangke | sampun ngaturan uninga | yèn wong wetan lumampah | hèh kakang Măndarakèku | tatanên wadya [[f. 242v]: wa...dya] Mataram ||
36.010 adhimas ing Singasari | dadia pangawat kiwa | lan dhimas Pathi rowange | wong Kalinyamat wong Dêmak | kang Mangkubumi ika | adhi Pajang rowangipun | lawan wadya Jagaraga ||
36.011 mangawata kanan sami | dening kabèh wong Kajoran | milua sagêgamane | mring si kakang Măndaraka | dadia gêgunungan | nganggea têngêran isun | anitihana gêgaman ||
36.012 Măndaraka matur kadi- | pundi karsa jangandika | iya kakang karsaningong | manira alaku cidra | ngirid wong jêjaranan | wong rong atus kathahipun | ikang wong padha prawira ||
36.013 nora tangguh ênggon mami | sakarsa-karsa manira | marênggani kuda rajèng | Puspakêncana ulêsnya | nênggih sêkar campaka | Kyai Juru atut pukur | tan têbih lawan kang putra ||
36.014 lan kapalan kalih biting | andhèrèk nata lumampah | sampun anyabrang kaline | Măndaraka kèn [[f. 243r]: kè...n] atata | mring kèh para bopatya | yèn wontên têngêran ingsun | pakanira yya antara ||
36.015 Măndaraka bêndhe aglis | Ki Bicak munya angangkang | wong Mataram mirsa age | lajêng surake lir gêrah | wong wetan ge têngara | sumahab gêgaman bubul | sigra pinapag campuh prang ||
36.016 surak karêngèng ing langit | pêtêng kukusing sundawa | tambuh musuh lan rowange | panêmbahan non kang aprang | wus kuwur gya narajang | anging ta wadya rong atus | sarêng anyamêthi kuda ||
36.017 wong agung wetan udani | Senapati mêtu kiwa | saking kidul sabature | bupatine samya ngucap | iki Ki Senapatya | klambi tambal saking kidul | wong wetan kabèh uninga ||
182–183 dari 206