Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
37 dari 42
185–186 dari 206
1.850–1.859 dari 2.053
| 37.019 | anging kuning kang kawula bukti | bokmanawa nora kadi iwang | Senapati digdayane | tan kacangking murdèku | Senapati dening sun iki | lawase kula sêdya | mangke parêng pangguh | yèn mêngkono isun pasrah | marang sira sarupane wadya mami | apa ta karsanira || |
| 37.020 | iya nora milu-milu mami | Kanitèn tur sêmbah dèn pracaya [[f. 247v]: pra...caya] | ngeca-eca nèng purane | suwarèng wadya agung | adandana tontonên mami | padha jurungên surak | isun aprang pupuh | lawan Senapati Nglaga | sigra bubar kocapa Ki Senapati | sineba dening wadya || |
| 37.021 | kadang pêpêk Măndraka nèng ngarsi | angandika lah kakang Măndraka | lawan sanak isun kabèh | aja na ikang milu | nindhihana gêgaman wuri | lawan têngêran iwang | wruhanira iku | kakang musuh iki awrat | nora kêna lonthe-lonthe anadhahi | bêbayani sisipa || |
| 37.022 | isun papag namur karsa mami | anging bakta wadya kawan dasa | waos cêmêng dharat bae | padha rasukan wulung | poma kakang ja bah kang baris | yèn durung sun karuwan | bubar sang aprabu | sampun wahana turăngga | pun Camuris irêng ulêsirèng nguni | sinami pênganggenya || |
| 37.023 | rasukan cêmêng Ki Senapati | dhêsthar wulung paningsêt kalêkah | nyampinge wulung angêne | angêntèni dinulu | Kyai Juru tansah ing wuri | pan lirih [[f. 248r]] lampahira | dyan nulya kapêthuk | Kanitèn lan panêmbahan | Ki Kanitèn amuwus lah sira iki | wong apa ngadhang marga || |
| 37.024 | êndi Senapati ing Matawis | panêmbahan aris angandika | ika anèng wuri mangke | nitihi gaman agung | iya ika ta gusti mami | isun ikang lêlurah | numbak cêmêng iku | kathahe wong kawan dasa | isun kinèn amapaga ing ajurit | anglawani ing sira || |
| 37.025 | Adipati Kanitèn sira ngling | pan anglênggak sarwi latah-latah | sira iki paksa ngêne | dening kudu kumisun | musuh mami pan ora myarsi | yèn sun punjul digdaya | Senapati iku | pantês lawanku ayuda | lah mirea Senapati anauri | ora gêlêm mirea || |
| 37.026 | lamun isun durung angêmasi | Kanitèn maju maksa ngadhangan | Kanitèn nudingi mangke | abeka sira iku | nora kêna ginawe bêcik | iki basên[1] agêsang | Senapati muwus | sanadyan si mêngkonoa [[f. 248v]: mêngko...noa] | bot ngawula tumêkaa lara pati | măngsa sun gumingsira || |
| 37.027 | yèn mêngkono iya sun ladèni | anumbaka mara pilihana | sami ngêtab turanggane | surak amor gumuruh | numbak gêbang-ginêbang sami | wus larih-linarihan | samya têguhipum | Dipati Kanitèn numbak | wali-wali Senapati tan gumingsir | Kanitèn kasayahan || |
| 37.028 | tèk budine dangu dènnya jurit | Kanitèn arsa anumbak kapal | arsa ngakahi tibane | tinumbak pathakipun | kapalira Ki Senapati | ambandhang ngênêr ngilyan | Kanitèn lok asru | ja lumayu abalia | hèh Kanitèn sira aprang nguciwani | kaya dudu prawira || |
185–186 dari 206
| 1 | bosên. (kembali) |