Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
37 dari 42
186–187 dari 206
1.855–1.864 dari 2.053
| 37.024 | êndi Senapati ing Matawis | panêmbahan aris angandika | ika anèng wuri mangke | nitihi gaman agung | iya ika ta gusti mami | isun ikang lêlurah | numbak cêmêng iku | kathahe wong kawan dasa | isun kinèn amapaga ing ajurit | anglawani ing sira || |
| 37.025 | Adipati Kanitèn sira ngling | pan anglênggak sarwi latah-latah | sira iki paksa ngêne | dening kudu kumisun | musuh mami pan ora myarsi | yèn sun punjul digdaya | Senapati iku | pantês lawanku ayuda | lah mirea Senapati anauri | ora gêlêm mirea || |
| 37.026 | lamun isun durung angêmasi | Kanitèn maju maksa ngadhangan | Kanitèn nudingi mangke | abeka sira iku | nora kêna ginawe bêcik | iki basên[1] agêsang | Senapati muwus | sanadyan si mêngkonoa [[f. 248v]: mêngko...noa] | bot ngawula tumêkaa lara pati | măngsa sun gumingsira || |
| 37.027 | yèn mêngkono iya sun ladèni | anumbaka mara pilihana | sami ngêtab turanggane | surak amor gumuruh | numbak gêbang-ginêbang sami | wus larih-linarihan | samya têguhipum | Dipati Kanitèn numbak | wali-wali Senapati tan gumingsir | Kanitèn kasayahan || |
| 37.028 | tèk budine dangu dènnya jurit | Kanitèn arsa anumbak kapal | arsa ngakahi tibane | tinumbak pathakipun | kapalira Ki Senapati | ambandhang ngênêr ngilyan | Kanitèn lok asru | ja lumayu abalia | hèh Kanitèn sira aprang nguciwani | kaya dudu prawira || |
| 37.029 | têka jaran kang sira larihi | Panêmbahan angingêrkên kuda | Kyai Juru nyandhak age | dèn lirih kaki prabu | lah têdhanên marang Yyang Widi | Senapati asalat | sumukêm ing kêpuh | anêdha ngèsthi ing nala | gampangêna kalahe mungsuh ngong iki | anêkung Senapatya [[f. 249r]: Senapa...tya] || |
| 37.030 | amaladi ing samadi êning | nêgês karsa samurwèng paningal | wus padhang wungu sang rajèng | tinatap waosipun | hèh Palèrèd sun jaluk mangkin | gawenira sapisan | iki lah wong iku | prihên lumpuhe kewala | sigra mangsah ngêmbat lawung Senapati | Kanitèn asru ngucap || |
| 37.031 | sira bali pantèn wani maning | Senapati Kanitèn tinumbak | gandhune kagyat tibane | lupa tan darbe bayu | sampun lempoh tan bisa tangi | Panêmbahan angucap | paran ta karêpmu | Kanitèn mojar manira | nora duwe karsa mapan isun iki | ya wis dadi bêbathang || |
| 37.032 | yèn kênaa isun jaluk mati | datan arsa sun matèni sira | Senapati mundhut mangke | jaran wadon puniku | ikang pincang wus katur ngarsi | nora anganggo rarab | panêmbahan muwus | Kanitèn sira muliha | matura gustimu yèn sira kajodhi | Kanitèn tan sawala || |
| 37.033 | wus tinugangakên jaran èstri | pan lumampah [[f. 249v]: luma...mpah] kinèn ngiringêna | wong patang puluh rowange | balanira lumayu | ngalun-alun Kanitèn prapti | nulya sira tumama | ki dipati dulu | asru marase ing nala | sarya angling Kanitèn sira kapanggih | Senapati Mataram || |
186–187 dari 206
| 1 | bosên. (kembali) |