Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
189–190 dari 206
1.885–1.894 dari 2.053
| 38.016 | karsa angabdi sang nata | ing saturun-turun ămba andasih | dhumatêng têdhak sang prabu | igih mugi sudia | ngabdèkakên mring pun Senapati prabu | têlas saèsthining manah | wus kawrat sadalêm tulis || |
| 38.017 | ya ta mèsêm jroning nala | Panêmbahan mirsa saungêl tulis | angandika sang aprabu | Nayakarti sun trima | pracayane anak Senapati mring sun | jumurung donga Pangeran | tinêtêpna imannèki || |
| 38.018 | olèhe rêp duwe bapa | marang isun sutèngong Senapati | nanging sun sumaya besuk | lamun wulan Muharam | sun utusan mapag dandana [[f. 252v]: danda...na] dèn gupuh | pinasalin Kartimăngsa | sapangadêg lawan picis || |
| 38.019 | tinundhung binaktan surat | Nayakarti tur sêmbah sigra amit | tan kawarna wisma rawuh | marêk ing kakangira | sapolahe wus katur myang surat prabu | tinampan tinigil[1] sirah | anulya sinukmèng ati || |
| 38.020 | pèngêt jêbèng layang iwang | dhumatênga Senapati Kadhiri | dhingin salam donganisun | lan sira atur surat | marang isun wus sun tupiksa sêdarum | kaliwat tarimaningwang | de sirarsa mring Mêtawis || |
| 38.021 | angaku bapa maringwang | liwat suka sun dêdonga Yyang Widi | antuka safangatipun | Kangjêng Nabi Muhamad | tinêtêpna ngiman pinjangna ngumur |[2] nging benjang wulan Muharam | isun papag putra mami || |
| 38.022 | anuli sira mangkata | lamun sira yakti bêbukan tulis | kawrat ing sarasanipun | andhêku Senapatya [[f. 253r]: Se...napatya] | langkung suka pangrasane wus katêmu | kalih kangjêng panêmbahan | ênting sukanirèng galih || |
| 38.023 | ênêngna datan winarna | ing Mataram kang winursitèng kawi | wus prapta ngubayanipun | mangke gasi[3] Muharam | panêmbahan miyos pêpak wadya agung | ngandika dhatêng kang putra | Wiramênggala sun tuding || |
| 38.024 | sira angirida lampah | amapaga Senapati Kadhiri | Si Alap-alap Tumênggung | sira angêmbanana | putraningwang ing iya lan dudunipun | sira ikang ngundurêna | lan mantri Majêgan sami || |
| 38.025 | kabèh lah padha milua | wong Kajoran Pajang lan Jagaragi | Dêmak ngiringa putrèngsun | nanging ta wêkas ingwang | lamun esa[4] Senapati yèn acundhuk | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm benjing || |
189–190 dari 206
| 1 | tininggil. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinêtêpna ngiman pinajangna [pinanjangna] ngumur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.21.5). (kembali) |
| 3 | sasi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.23.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.35.4). (kembali) |
| 4 | èstu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.25.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.32.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.38.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.42.5). (kembali) |