Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
189 dari 206
1.881–1.890 dari 2.053
38.012 akêkasih Mas Tambaga | Mas Kadhawung wuragil maksih alit | nêngna kocap kang lumaku | Ki Nayakarti prapta | ing Mataram katur wontên duta rawuh | sing Kadhiri tinimbalan | Nayakarti awotsari ||
38.013 matur tur surat tinampan | kunêng bêbukaning tulis atur bêkti |[1] saking kawula pukulun | di dalêm Senapatya | ing Kadhiri katura Prabu Matarum | kang sinêmbah ing ngalaga | kang sampun tuk sih Yyang Widi ||
38.014 kaladan ingkang safangat | Kajêng[2] Nabi Duta Muhhamad kasih | myang barkat wali sêdarum | kang sinêmbah ing Jawa | sarta ikang sawab-sawab kang [[f. 252r]] lêluwur | panjangêna ikang yusya | sasampuning ikang bakti ||
38.015 pukulun pun dasih arsa | angabdi ing pada paduka aji | dadia pakathik ulun | yèn sampeyan sudia | mupu ămba atur pênyah[3] gêsang prabu | kinarya pangarit suka | la-ila kawula inggih ||
38.016 karsa angabdi sang nata | ing saturun-turun ămba andasih | dhumatêng têdhak sang prabu | igih mugi sudia | ngabdèkakên mring pun Senapati prabu | têlas saèsthining manah | wus kawrat sadalêm tulis ||
38.017 ya ta mèsêm jroning nala | Panêmbahan mirsa saungêl tulis | angandika sang aprabu | Nayakarti sun trima | pracayane anak Senapati mring sun | jumurung donga Pangeran | tinêtêpna imannèki ||
38.018 olèhe rêp duwe bapa | marang isun sutèngong Senapati | nanging sun sumaya besuk | lamun wulan Muharam | sun utusan mapag dandana [[f. 252v]: danda...na] dèn gupuh | pinasalin Kartimăngsa | sapangadêg lawan picis ||
38.019 tinundhung binaktan surat | Nayakarti tur sêmbah sigra amit | tan kawarna wisma rawuh | marêk ing kakangira | sapolahe wus katur myang surat prabu | tinampan tinigil[4] sirah | anulya sinukmèng ati ||
38.020 pèngêt jêbèng layang iwang | dhumatênga Senapati Kadhiri | dhingin salam donganisun | lan sira atur surat | marang isun wus sun tupiksa sêdarum | kaliwat tarimaningwang | de sirarsa mring Mêtawis ||
38.021 angaku bapa maringwang | liwat suka sun dêdonga Yyang Widi | antuka safangatipun | Kangjêng Nabi Muhamad | tinêtêpna ngiman pinjangna ngumur |[5] nging benjang wulan Muharam | isun papag putra mami ||
189 dari 206

 


Lebih satu suku kata: kunêng bêbukaning tulis tur bêkti. (kembali)
Kangjêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.14.2). (kembali)
pêjah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.15.5). (kembali)
tininggil. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinêtêpna ngiman pinajangna [pinanjangna] ngumur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.21.5). (kembali)