Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
187–188 dari 206
1.870–1.879 dari 2.053
| 38. Pangkur | |
| 38.001 | kang lumayu Ki Mas Lonthang | sampun lama anèng ing Surabanggi | pan sampun pinupu mantu | tinanêm anèng Japan | Pangran Êmas tinanêm Kadhiri [[f. 250v]] iku | lami Pangran Êmas seda | kang tinanêm ing Kadhiri || |
| 38.002 | dening Pangran Surabaya | Ratu Jalu kang tinanêm Kadhiri | Wirasaba kang tinandur | Kyai Răngga Pramana | Pasuruan dèn tanêmi aranipun | tumênggung ing Kapulungan | kacatur korak ing bumi || |
| 38.003 | ajêjamah sami lanang | ênêngêna kocapa kang winuni | Senapati Kadhiri ku | gunêm lan arinira | dhine malih awasta Kenthol Jajagung | arine wuragil pisan | Kartimăngsa arannèki || |
| 38.004 | angucap Ki Senapatya | ngong amirsa kang wirayat ing nguni | mangulon jaman ngêripun | cinêtha ing Mataram | mutêr jaman mêngko saya ngrabda iku | atis iki jaman wetan | yèn sambada lan sirèki || |
| 38.005 | isun arsa angawula | mring Mataram sang raja ing Matawis | sun dêduga nora wurung | anglurug mring bang wetan | samya rêmbag Nayakarti dyan ingutus | atur surat mring Mataram | wong sadasa kang angiring || |
| 38.006 | gêgancangan lampahira | kunêng Nata Mataram [[f. 251r]: Mata...ram] lagya siniwi |[1] mantri santana tumênggung | Dipati Măndaraka | lan Dipati Mangkubumi jajaripun | Adipati Singasêkar | kang putra sêsanga nangkil || |
| 38.007 | putra èstri tan kawarna | pan wêwalu ikang jinunjung linggih | wontên putra lagya rawuh | rane Kenthol Kajoran | Radèn Tiron saking Giring abunipun[2] | Radèn Gathot arinira | punika kang nunggil bibi || |
| 38.008 | nanging Radèn Tiron ika | salamine anênggih wontên ngardi | ginadhahkên eyangipun | Ki Agêng Giring ika | gènnya sowan sarêng aprang ing Madiun | walune Dèn Tiron ika | samya jumênêng bopati || |
| 38.009 | putra kang tuwa Dèn Răngga | sampun seda Dèn Tiron anjangkêpi | sadasa putra sang prabu | Kenthol Kajoran rannya | Adipati Pugêr Ki Mas Damar iku | kasih Dipati Juminah | Ki Mas Gathot akêkasih || |
| 38.010 | Pangeran Wiramênggala | apan dadya banthèng nagri Matawis | kang raka Dèn Tiron wau | Pangeran [[f. 251v]: Pang...eran] Purabaya | pan panggulu Dipati Pugêr kang sêpuh | dening putra kang panêngah | jumênêng pangran dipati || |
187–188 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata: kunêng Nata Matram lagya siniwi. (kembali) |
| 2 | ibunipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.7.5). (kembali) |