Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
190–191 dari 206
1.900–1.909 dari 2.053
38.031 pan sampun ayun-ayunan | Saradipa ikang dados pangarsi | katawang anèng ing ngayun | wong Mataram uninga | winangsitan aja na nêmêni iku | acampuh kang punang yuda | wong Kadhiri ambêdhili ||
38.032 nging Saradipa sawadya | bêlira ngarêpkên midhuwur sami | wong Mataram bêdhilipun | norana minimisan | nging kèri kanan anêmên gènnya campuh | apêrang tutug sadina | malah kasaput ing wêngi ||
38.033 kocapa kang anèng wisma | Senapati ngandika mring ari kalih |[1] katiga lan mantrinipun | Prayayi Giri wasta | Mas Balimbing punika ingambil mantu | lah padha sira dandana | sun lalos sawêngi mangkin ||
38.034 hèh manawa karainan | ngalumpuka sakèhe rayat mami | sawiji aja na kantun | ri sampunnya mêngkana | Saradipa [[f. 254v]: Sa...radipa] sarayate sampun rawuh | jalu èstri wus adandan | prasamya angati-ati ||
38.035 Senapati sampun bubar | sakèh èstri kinêpang nèng têngah sami |[2] Saradipa sinukan wruh | Saradipa wus bubar | kang santana jinawilan patang puluh | wus têbih sing pamondhokan | wus pagih lan Senapati ||
38.036 lumampah sampun anunggal | sarêng enjing mring wong akèh kawarti | Saradipa lalos dalu | arsa balik Mataram | katur Ratu Jalu nulya kinon nusul | tangara wadya sumahab | kacandhak Ki Senapati ||
38.037 ing Karakal Bratayuda | Mas Balimbing mantune Senapati | tumandang mangsah angamuk | kinarubut punggawa | ing Kadhiri pugawa akathah tatu | atanapi ikang pêjah | kathahên lawan Mas Blimbing ||
38.038 wus kanin dyan Senapatya | pan tumingal santana ingatag sami |[3] kèhe satus patangpuluh | sarêng nêmpuh wong wetan [[f. 255r]: we...tan] | kathah tatu apuyêngan pêrangipun | Senapati autusan | mring Dèn Wiramênggala glis ||
38.039 wus katur sigra ingatag | wong Mataram mêthuk Ki Senapati | prajurit Sandêran rawuh | dyan ngamuk wong Mataram | wong bang wetan kèh pêjah gègèr lumayu | ngusi kutha têtêg lawang | Senapati sampun prapti ||
38.040 pamondhokan sigra mapag | Radèn Wiramênggala sampun panggih | sêsalaman sanakipun | sami atur kang salam | kakang salam dongane rama dikèku | Senapati nêkêm sirah | anuwun ture mlad ati ||
190–191 dari 206

 


Lebih satu suku kata: Senapati ngandika mring ri kalih. (kembali)
Lebih satu suku kata: sakèh ngèstri kinêpang têngah sami. (kembali)
Lebih satu suku kata: pan tumingal santana ngatag sami. (kembali)