Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
192–193 dari 206
1.916–1.925 dari 2.053
38.047 sagupita baris bubar | sakèh tawan dinèkèn anèng ngarsi | kocapa ikang ingutus | prapta ngarsa tur sêmbah | lampah kula sinuwun nênggih ingutus | dhumatêng putra paduka | tur uninga lampahnèki ||
38.048 Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange gusti wus kinarikid | miwah Senapati iku | ing Kadhiri kabakta | angantosi timbalan dalêm sang prabu | sri nalêndra angandika | dhatêng ing wadya sarati ||
38.049 gajah isun plananana | paèsana poma dipun abêcik | panêmbahan sampun mundhut | pangangge sarya endah | kampuh dhuwung calana panisêtipun[1] | amudhut[2] kawan gagragan | miwah pangagening èstri ||
38.050 sêlir dalêm pan satunggal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli bubar | gajahira [[f. 256v]: gajahi...ra] ikang lukya ing ngayun |[3] datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih ||
38.051 rabinira Senapatya | pinasalin pangangge adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | katimbalan rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi ||
38.052 wus laju prapta nêgara | wus tumamèng alun-alun Matawis | radèn arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk[4] samya ngabakti ||
38.053 angandika Panêmbahan | putranisun angujunga mring kami | Senapati sèlèh dhuwung | anglangsur gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji ||
38.054 êndi ta sadulurira | Saradipa lawan Jêjagu[5] iki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan [[f. 257r]] | padha ngujunga mring mami ||
38.055 nêmbah sèlèh kêrisira | kêkèsodan ngujung sumungkêm sikil | ngêmak-êmak sirahipun | Saradipa de nata | Senapati tan kawawa ciptanipun | nandhang sihira sang nata | apa sun walêsna kang sih ||
38.056 Saradipa Kartimăngsa | Ki Jêjagu makana[6] siptanèki | tan angrasa darbe umur | Senapati tur sêmbah | sêtya ămba badan kawula sakojur | katura dhatêng sang nata | rambut gêtih sungsum daging ||
192–193 dari 206

 


1 paningsêtipun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 315.80.5). (kembali)
2 amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.74.6; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.80.6). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: gajahira ikang lumakya ing ngayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.50.5); gajahira inglang lumaku ing ngayun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.81.5); gajahira lumamah [lumampah] ana ing ngayun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.75.5). (kembali)
4 cumundhuk. (kembali)
5 Jêjanggu (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.54.2). (kembali)
6 mangkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.56.2). (kembali)