Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 42
192–193 dari 206
1.918–1.927 dari 2.053
38.049 gajah isun plananana | paèsana poma dipun abêcik | panêmbahan sampun mundhut | pangangge sarya endah | kampuh dhuwung calana panisêtipun[1] | amudhut[2] kawan gagragan | miwah pangagening èstri ||
38.050 sêlir dalêm pan satunggal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli bubar | gajahira [[f. 256v]: gajahi...ra] ikang lukya ing ngayun |[3] datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih ||
38.051 rabinira Senapatya | pinasalin pangangge adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | katimbalan rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi ||
38.052 wus laju prapta nêgara | wus tumamèng alun-alun Matawis | radèn arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk[4] samya ngabakti ||
38.053 angandika Panêmbahan | putranisun angujunga mring kami | Senapati sèlèh dhuwung | anglangsur gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji ||
38.054 êndi ta sadulurira | Saradipa lawan Jêjagu[5] iki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan [[f. 257r]] | padha ngujunga mring mami ||
38.055 nêmbah sèlèh kêrisira | kêkèsodan ngujung sumungkêm sikil | ngêmak-êmak sirahipun | Saradipa de nata | Senapati tan kawawa ciptanipun | nandhang sihira sang nata | apa sun walêsna kang sih ||
38.056 Saradipa Kartimăngsa | Ki Jêjagu makana[6] siptanèki | tan angrasa darbe umur | Senapati tur sêmbah | sêtya ămba badan kawula sakojur | katura dhatêng sang nata | rambut gêtih sungsum daging ||
38.057 pêjah gêsang ngong katura | abdi dalêm tiga katur sang aji | ămba tan duwe sadulur | nging sêtya tuhuniwang | tan kumêdhap anging tuwan gustiningsun | yèn ngimpia gusti liyan | mugi sun ja dadi jalmi ||
38.058 tarima baktimu mringwang | muga tinêtêpna manirèki |[7] tinêkana sêdyanipun | Panêmbahan ngandika | lah ta padha ngèstokêna wong Matarum | mêngko jêbèng Senapatya | lah iya sun angkên siwi ||
192–193 dari 206

 


paningsêtipun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 315.80.5). (kembali)
amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.74.6; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.80.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: gajahira ikang lumakya ing ngayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.50.5); gajahira inglang lumaku ing ngayun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.81.5); gajahira lumamah [lumampah] ana ing ngayun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.75.5). (kembali)
cumundhuk. (kembali)
Jêjanggu (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.54.2). (kembali)
mangkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.56.2). (kembali)
Kurang satu suku kata: muga tinêtêpna imanirèki. (kembali)