Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
191–192 dari 206
1.910–1.919 dari 2.053
| 38.041 | wus lênggah ing pasanggrahan | angandika Dèn Wiramênggala ris | Lap-alap banjur anglêbur | ing Rawadalêm ika | kèh bopati sira angirida laku | umatur Ki Alap-alap | botên binêdhah Kadhiri || |
| 38.042 | nora wani tan winêkas | kangjêng rama nora kon bêdhah Kdhiri | ngirida bopati catur | manira [[f. 255v]] arsa bubar | ngiringakên marang kang Senapatiku | kinèn lajêng mring Mataram | panêmbahan ngarsa-arsi || |
| 38.043 | Ki Senapati angucap | yèn sawawi binêdhah ing Kadhiri | kula adunên prang pupuh | manèk[1] dede kang karsa | rama dika ing Mataram kang sinuwun | Lap-alap sampun lumampah | Rawadalêm dèn lurugi || |
| 38.044 | kandhaga lante sakawan | kang angiring radèn kèn têngara glis | gêgaman bubar sêdarum | Senapati nèng ngarsa | sasanake prawira anèng ing pukur | Radèn Arya anèng têngah | kapalan kang anèng wiking || |
| 38.045 | dohe lête saonjotan | lan gêgaman agêng bilih manawi | tinutan aja kuwur |[2] lampahe sampun prapta | Jagaraga apan arêrêb ing ngriku | anganti Ki Alap-alap | wus duta ngaturi uning || |
| 38.046 | yèn Senapati kabakta | anèng margi Alap-alap winuni | Rawadalêm wus kinukup | wus mundur bêboyongan [[f. 256r]: bêboyonga...n] | anèng ngarsa Jagaraga sampun rawuh | katur Dèn Wiramênggala | sakèh bêboyongan nuli || |
| 38.047 | sagupita baris bubar | sakèh tawan dinèkèn anèng ngarsi | kocapa ikang ingutus | prapta ngarsa tur sêmbah | lampah kula sinuwun nênggih ingutus | dhumatêng putra paduka | tur uninga lampahnèki || |
| 38.048 | Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange gusti wus kinarikid | miwah Senapati iku | ing Kadhiri kabakta | angantosi timbalan dalêm sang prabu | sri nalêndra angandika | dhatêng ing wadya sarati || |
| 38.049 | gajah isun plananana | paèsana poma dipun abêcik | panêmbahan sampun mundhut | pangangge sarya endah | kampuh dhuwung calana panisêtipun[3] | amudhut[4] kawan gagragan | miwah pangagening èstri || |
| 38.050 | sêlir dalêm pan satunggal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli bubar | gajahira [[f. 256v]: gajahi...ra] ikang lukya ing ngayun |[5] datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih || |
191–192 dari 206
| 1 | mênèk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.43.4). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinututan aja kuwur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.45.3). (kembali) |
| 3 | paningsêtipun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 315.80.5). (kembali) |
| 4 | amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.74.6; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.80.6). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gajahira ikang lumakya ing ngayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.50.5); gajahira inglang lumaku ing ngayun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 15.81.5); gajahira lumamah [lumampah] ana ing ngayun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.75.5). (kembali) |