Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38 dari 42
193–194 dari 206
1.922–1.931 dari 2.053
| 38.053 | angandika Panêmbahan | putranisun angujunga mring kami | Senapati sèlèh dhuwung | anglangsur gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji || |
| 38.054 | êndi ta sadulurira | Saradipa lawan Jêjagu[1] iki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan [[f. 257r]] | padha ngujunga mring mami || |
| 38.055 | nêmbah sèlèh kêrisira | kêkèsodan ngujung sumungkêm sikil | ngêmak-êmak sirahipun | Saradipa de nata | Senapati tan kawawa ciptanipun | nandhang sihira sang nata | apa sun walêsna kang sih || |
| 38.056 | Saradipa Kartimăngsa | Ki Jêjagu makana[2] siptanèki | tan angrasa darbe umur | Senapati tur sêmbah | sêtya ămba badan kawula sakojur | katura dhatêng sang nata | rambut gêtih sungsum daging || |
| 38.057 | pêjah gêsang ngong katura | abdi dalêm tiga katur sang aji | ămba tan duwe sadulur | nging sêtya tuhuniwang | tan kumêdhap anging tuwan gustiningsun | yèn ngimpia gusti liyan | mugi sun ja dadi jalmi || |
| 38.058 | tarima baktimu mringwang | muga tinêtêpna manirèki |[3] tinêkana sêdyanipun | Panêmbahan ngandika | lah ta padha ngèstokêna wong Matarum | mêngko jêbèng Senapatya | lah iya sun angkên siwi || |
| 38.059 | sun karya putra pangarsa | hèh sakèhe putra-putra sun iki | basaa kakang sadarum [[f. 257v]: sa...darum] | dèn atutna kêkadang | sira padha ngestokêna ujar isun | kang putra sami pranata | sinung desa Senapati || |
| 38.060 | sèwu gangsal atus kèhnya | Saradipa wong dhomas lênggahnèki | arine kalih wus sinung | karya nêmatus sowang | umahira wus cinawisan sadarum | wus sawulan laminira | sang nata sineba mantri || |
| 38.061 | tumênggung santana putra | sang nata ngandika mring Senapati | balik jêbèng putranisun | arimu Saradipa | isun pudhut ngawulaa dhewe mring sun | Senapati atur sêmbah | kawula adarmi-darmi || |
| 38.062 | kang gadhah abdi sampeyan | badan kula sakojur ngawula ji | sampun sanès jasad umur | kawula tan lênggana | nadyan umur kawula pundhutên katur | gusti kang darbe sampeyan | panêmbahan ngandika ris || |
193–194 dari 206
| 1 | Jêjanggu (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.54.2). (kembali) |
| 2 | mangkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.56.2). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: muga tinêtêpna imanirèki. (kembali) |