Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
38–39 dari 42
193–194 dari 206
1.930–1.939 dari 2.053
| 38.061 | tumênggung santana putra | sang nata ngandika mring Senapati | balik jêbèng putranisun | arimu Saradipa | isun pudhut ngawulaa dhewe mring sun | Senapati atur sêmbah | kawula adarmi-darmi || |
| 38.062 | kang gadhah abdi sampeyan | badan kula sakojur ngawula ji | sampun sanès jasad umur | kawula tan lênggana | nadyan umur kawula pundhutên katur | gusti kang darbe sampeyan | panêmbahan ngandika ris || |
| 38.063 | lawan maning saprakara | kaki isun durung duwe kuthyèki | sira karyakêna isun | Senapati tur sêmbah | wong Mataram undhangana karya banun | pêthak [[f. 258r]: pê...thak] abrit dipun kathah | yèn wus kumpul atur mami || |
| 38.064 | kinarya kutha bacingah | apan sampun wong cili dèn undhangi | prasamya akarya banun | bata bang bata pêthak | wus cumawis adan prasamya anyambut | sadaya wadya Mataram | kutha bacingah wus dadi || |
| 38.065 | nora ngago bêbolongan | Panêmbahan ngandika alah kaki | jêbèng Senapati iku | kaya pa karsanira | nora nganggo lompongan bêdhil turipun | punika sêdya kawula | lamun wontên musuh prapti || |
| 38.066 | wadya ngêkêba ing kitha | lamun musuh sêdya mrêp agêng prapti | kula mapag jawi banun | sampun gêpok nêgara | kawula kang manggut nalangi lampus |[1] yèn kangsi gêpok nêgara | ămba wirang wong Mêtawis || |
| 38.067 | adawa lamun winarna | kutha bacingah dadi dèn babadi | trus lunga lor iku |[2] miyos Raja Mataram | nitih liman angandika sang aprabu | payo jêbèng nugang gajah | awot sinom [[f. 258v]: si...nom] Senapati || |
| 39. Sinom | |
| 39.001 | anuwun ajrih kawula | dados punapa wak mami | jajar lan paduka nata | ila-ila kang kapanggih | dharat kemawon mami | panêmbahan ngandika rum | pa nganti isun têdhak | Senapati awotsari | nulya minggah ing ăndha luhur wus prapta || |
| 39.002 | alênggah anèng palana | ngandika Raja Matawis | jêbèng sun mirsa wirayat | pucang tirisan Matawis | wong wetan ngrusak benjing | tanêm tuwuh ing Matarum | turira Senapatya | yèn èstu kalangkung dening | ămba wirang tumingal wadya Mataram || |
| 39.003 | lamun ămba maksih gêsang | kangsi linêbur Matawis | kawula wirang ing jalma | ămba têdha ing Yyang Widi | yèn wong wetan lumaris | kawula punagi besuk | kamangkara nak ingwang | gaib parentah Yyang Widi | priye uga putrèngsun gone sumigah[3] || |
193–194 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawula kang magut nalangi ing lampus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.66.5). (kembali) |
| 2 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: trus lunga mangalor iku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.67.3). (kembali) |
| 3 | suminggah. (kembali) |