Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 42
196–197 dari 206
1.952–1.961 dari 2.053
39.016 ngamungna dening kawula | lan sakathahing putra ji | jênêngana ing kawula | yèn kênaa putra mami | ingong milu magoni[1] | ture sangêt nuwun ingsun | yèn ămba maksih gêsang | owêl sih dalêm nglangkungi | yèn wus pêjah kawula sakarsa nata ||
39.017 yan sun iring karsanira | adandana [[f. 260v]: a...dandana] wong Matawis | sampun siaga sadaya | sadandananing ajurit | putrèngsun sanak mami | padha milua sadarum | ngiringa Senapatya | turutên sakarsanèki | sampun pêpak ngalun-alun kang gêgaman ||
39.018 malah ambèr têkèng pasar | lêlurung kèbêkan baris | lah jêbèng padha bubara | sun srahakên ing Yyang Widi | putra-putra ngabakti | Ki Senapati angujung | wus dèn angatya-atya | punang têngara wus muni | Kyai Bicak ngangkang wong Mataram bubar ||
39.019 mantri kilèn anèng ngarsa | kasambungan wong Matawis | para kadang anèng wuntat | anèng têngah Senapati | putra-putra nèng wuri | păntha-păntha kadya gunung | nèng Taji tatan-tatan | amuwus Ki Senapati | yèn sawawi pangeran ing Purubaya ||
39.020 dadosa têtindhih yuda | akalihan ikang rayi | ing Pangeran Jayaraga | lawan Panji Wirabumi | Malangsumirang nguni | Pangran Mangkubumi muwus | alah sakarsanira | Ki Ngabèi Wirapati [[f. 261r]] | lan Ngabèi Kartiwêdana kalawan ||
39.021 sakathah tiyang Kajoran | ikang dadia pawingking | dawêg gèr dika lumampah | wus bubar gêgaman sami | kang dadi Senapati | Pangran Purabaya iku | kang kari masanggrahan | ing Taji Ki Senapati | nulya matur dhumatêng ing para putra ||
39.022 miwah Pangran Mangkubumya | sawawi agèr lumaris | nulya bubar kang gêgaman | mantri Pamajêgan ngarsi | Ki Angabèi Rawi | Ngabèi Jênar Tumênggung | Bacor tuwin Ki Dêmang | Kalêng Kalêgèn Ngabèi | lan Ngabèi Ngawu-awu sinambungan ||
39.023 dening mantri ing Mataram | Wiratanu Ki Ngabèi | lan Tumênggung Singajaya | Arya Panular anuli | Patrabăngsa Ngabèi | Arya Jagabaya iku | lan Dêmang Tanpanaha | Tumênggung Wiranêgari | atanapi Ki Tumênggung Jawiraga ||
39.024 iku mantri ing Mataram | sami prawira ing jurit | têguh-têguh tau tatal | ing wêweka wus pratami | nèng têngah Senapati | ingiring saduluripun | ikang lumampah ngarsa | pangeran ing Mangkubumi | lan kang rayi pangeran ing Singasêkar ||
39.025 putra lumampah ing wuntat | Pangran Têpasana uni | Pangran Pugêr [[f. 261v]: Pu...gêr] wurinira | Pangran Wiramênggalèki | nulya pangran dipati | tan têbih ban anut tumut | Pangeran Pringgalaya | nèng ngarsa kang raka uni | kangjêng pangran dipatwa[2] nagri Mataram ||
196–197 dari 206

 


manggoni Bandingkan: mêtoni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.17.5). (kembali)
dipatya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.26.9). (kembali)