Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 42
194–195 dari 206
1.937–1.946 dari 2.053
| 39. Sinom | |
| 39.001 | anuwun ajrih kawula | dados punapa wak mami | jajar lan paduka nata | ila-ila kang kapanggih | dharat kemawon mami | panêmbahan ngandika rum | pa nganti isun têdhak | Senapati awotsari | nulya minggah ing ăndha luhur wus prapta || |
| 39.002 | alênggah anèng palana | ngandika Raja Matawis | jêbèng sun mirsa wirayat | pucang tirisan Matawis | wong wetan ngrusak benjing | tanêm tuwuh ing Matarum | turira Senapatya | yèn èstu kalangkung dening | ămba wirang tumingal wadya Mataram || |
| 39.003 | lamun ămba maksih gêsang | kangsi linêbur Matawis | kawula wirang ing jalma | ămba têdha ing Yyang Widi | yèn wong wetan lumaris | kawula punagi besuk | kamangkara nak ingwang | gaib parentah Yyang Widi | priye uga putrèngsun gone sumigah[1] || |
| 39.004 | wingi turing kajinêman | samyarsa dus ing Sêmagi[2] | sakathahe wong bang wetan | lampahe ikang angirid [[f. 259r]: ang...irid] | Si Adipati Gêndhing | ing Surabaya puniku | Pasuruan lumampah | ngirid Dipati Pasagi | ing Kadhiri ingran Rănggalêlana |[3]| |
| 39.005 | rumiyin tiyang bang wetan | datan purun dhatêng mami | lah jêbèng padha tinitah | ja sira jubriya kibir | padha umat tan kêni | sira ina putranisun | rèh dening ing agêsang | sokur rêna genên kaki | awotsêkar sampun angidêri kitha || |
| 39.006 | anulya dhatêng pasowan | tumêdhak saking ing èsthi | Senapati bukuh lênggah | mukanya konjêm ing siti | putrangong Senapati | ligiha lan rinirèku | yya mulih-mulih sira | sri nalendra manjing puri | animbali kang para garwa sadaya || |
| 39.007 | Senapati ingandikan | putra sêntana dipati | ja na mulih angantia | wêtune Ki Senapati | wus lajêng majing puri | lênggah wontên nglatar bukuh | jêbèng dèn marang ngarsa | ingawe linggiha nginggil | ajajara lan biyangira sadaya || |
| 39.008 | anuwun sangêt jrihira | apa nganti dèn parani | dening biyangira nulya | pranata [[f. 259v]] asèlèh kêris | genên dhuwungirèki | wus rakêt lawan sang prabu | cinandhak kèn ajajar | kalawan kang para rabi | pêpudhutan gya prapta kalih ambêngya || |
| 39.009 | adhahar lan pramèsyara | garwa pamigir anugil | adhahar lan Senapatya | dangu wusan dènnya bukti | Panêmbahan ling aris | jêbèng sun durung andulu | nganggo bêbadhong sira | apa nora dhêmên kaki | atur sêmbah adarbe badhong kawula || |
| 39.010 | sawiyos botên prayoga | tan wontên niyakanèki | panêmbahan angandika | biyangira duwe kêndhit | tur nayakane adi | masthi awèh sira jaluk | kagyat Ki Senapatya | miyarsa dikaning gusti | ciptanira dhuh nora kawawa iwang || |
194–195 dari 206
| 1 | suminggah. (kembali) |
| 2 | Sêmanggi. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Kadhiri kang aran Ragalêlana [Rănggalêlana] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.4.9). (kembali) |