Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 42
197–198 dari 206
1.969–1.978 dari 2.053
39.033 dènira Ki Senapatya | mêngkana ciptaning galih | yèn katêmua si paman | arêp sun tandhing kuwanin | ngadu wulêding kulit | miwah tose kang bêbalung | arêp sun cicipana | têtumbake paman Sagi | iya baya dening nora kaparêngan ||
39.034 baya wus karsaning Sukma | Ki Adipati Pasagi | king kidul kang kabêdhag |[1] kaprêgok lan Senapati | Ki Pasagi ningali | hèh bocah sapa ta iku | lumampah tanpa cara | ingiring wong magêrsari | wadya matur putra dika Senapatya ||
39.035 Dipati Pasagi sênggak | kêplok ngucap nampèl wêntis | adhuh bage sira nyawa | gandhèrèh pagih lan mami | alawas sun ulati | sun pinta-pinta ing kalbu | Ki Pasagi sêsumbar | gandèrèh tolihên mami | abalia di rupane raènira [[f. 263r]] ||
39.036 payo rêbat kasudiran | aja na mundur sajari | sigra nolih Senapatya | ingkang paman dèn tingali | payo bocah abali | si paman Pasagi iku | angudhal-udhal mringwang | sokur bage man Pasagi | lamun sira katêmu sun pinta-pinta ||
39.037 sun ulati sadangunya | ja liyan sira ngajurit | nulya Senapati mangkat | ingiring wong magêrsari | mung waos kawan dasi | sigra anulya katêmu | Pasagi suka-suka | gandèrèh sira wus mukti | dening sara nora wêruh kabêcikan ||
39.038 akathah inguman-uman | anêmbah bèbèt ong[2] cili | dumèh ngawula Mataram | Senapati anauri | hèh sira man Pasagi | nyanyah-nyunyah yèn cêlathu | dèn wawa sok mêtua | pantês binacuk ing kêris | Ki Pasagi kèh ngucap ja kèh rêrasan ||
39.039 hèh tabe paman manira | anauri [[f. 263v]: a...nauri] Ki Pasagi | hèh Senapati tan ana | anak lan bapa wong jurit | padha rêbut sih gusti | lah payo aja na mundur | balane kinêjepan | kinarubut Senapati | nulya ngamuk lan magêrsari kiwala ||
39.040 ingkang tinarajang bubar | akèh tatu akèh mati | Dipati Pasagi mara | sêsumbar nyamêthi wajik | gandèrèh dèn mring ngarsi | ingsun mungsuhira pupuh | anolih Senapatya | wus liwung pangamuknèki | sigra numbak Pasagi jangkêp ping tiga ||
39.041 tan pasah Ki Senapatya | angucap paman Pasagi | tèkna karosanira |[3] paman ja kasusu ugi | malês Ki Senapati | Ki Pasagi dipun lawung | pasah jajane bêncah | sayah Dipati Pasagi | bari lalu winalês Ki Senapatya ||
39.042 gulu iringe kang kêna | pasah sawuku anuli | Ki Senapati aniba | Ki Pasagi wus ngêmasi | sampyuh nèng papan uni | rinêbat ing balanipun | Pasagi [[f. 264r]: Pasa...gi] binandhusa | kawarnaa wong Matawis | Ki Ngabèi Patrabăngsa sampun wikan ||
197–198 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: saking kidul kang kabêdhag (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.45.3). (kembali)
wong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.39.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tèkêna karosanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.42.3). (kembali)