Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39–40 dari 42
198–199 dari 206
1.980–1.989 dari 2.053
39.044 binandhusa layonira | Pangeran Purabaya ngling | ayo enggal tinututan | sadaya olèha odhil | mandah dukane kyai | iya kêkasihèn[1] lampus | pan ora olèh bela | binêdhag mêngsah anggêndring | Ki Pasagi layone sampun kacandhak ||
39.045 bandhusa sampun pinêcah | layone tinigas wani | ya ta wau kang winarna | pangeran ing Mangkubumi | lan Pangeran Dipati | miwah pra putra sadarum | Ngabèi Patrabăngsa | matur Senapati [[f. 264v]] lalis | Pangran Adipati Mangkubumi mênggah ||
39.046 nampèl pupu kalih pisan | kêkasih dalêm ngêmasi | dadya apa wong Mataram | datan wande dèn kêthoki | na jêjênêng satunggil | Rănggapita dyan lumayu | karsanya tur uninga | nulya Pangran Mangkubumi | matur dhatêng kang putra Pangran Dipatya ||
39.047 dadia têtindhih sira | lah nêdhaa manggut[2] jurit | malar ta olèha bela | patine Ki Senapati | alah ta uwa inggih | sakarsa dika wus rêmbug | sigra têngara munya | wus dandan para prajurit | para putra sadaya sampun siaga ||
39.048 sigra têngara wus bubar | prajurite ngati-ati | pra putra mijil sadaya | anitihi gamannèki | rampak lakuning baris | kajinêman wetan tur wruh | Dipati Gêndhing sigra | têngara lalos ngunduri | sampun bubar wong dharat lumakyèng ngarsa ||
39.049 prajurit anèng ing wuntat | padha jêjaran [[f. 265r]: jêja...ran] uni |[3] atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tinggal gêgaman anungsul | bopati para putra | kacandhak tanpa lur uni | gaman wetan majêng tata mundur mara ||
40. Durma
40.001 bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarubut dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinêmèni ||
40.002 para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungah ing ati | lir ngadhêp bêdhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngewak-awi[4] | numbak anigas | anuduk angakahi ||
40.003 para putra pangamuke kadi Parta | kinarubut ing bêdhil | sinasog ing tumbak | linêmbing nrangkolang |[5] suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi ||
40.004 lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah [[f. 265v]] mati | gègère puyêngan | kalindhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiraragi ||
198–199 dari 206

 


kêkasihe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.45.6). (kembali)
magut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.48.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha jêjaranan uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.50.2). (kembali)
ngowak-awik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.2.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.5.5). Bandingkan: ngobrak-abrik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.5.5); ngobat-abit (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.5.5); mobat-mabit (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.5.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: linêmbing binrangkolang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.3.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.6.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.6.4); linêmbing binangkolang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.6.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.4). (kembali)