Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39–40 dari 42
199–200 dari 206
1.983–1.992 dari 2.053
| 39.047 | dadia têtindhih sira | lah nêdhaa manggut[1] jurit | malar ta olèha bela | patine Ki Senapati | alah ta uwa inggih | sakarsa dika wus rêmbug | sigra têngara munya | wus dandan para prajurit | para putra sadaya sampun siaga || |
| 39.048 | sigra têngara wus bubar | prajurite ngati-ati | pra putra mijil sadaya | anitihi gamannèki | rampak lakuning baris | kajinêman wetan tur wruh | Dipati Gêndhing sigra | têngara lalos ngunduri | sampun bubar wong dharat lumakyèng ngarsa || |
| 39.049 | prajurit anèng ing wuntat | padha jêjaran [[f. 265r]: jêja...ran] uni |[2] atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tinggal gêgaman anungsul | bopati para putra | kacandhak tanpa lur uni | gaman wetan majêng tata mundur mara || |
| 40. Durma | |
| 40.001 | bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarubut dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinêmèni || |
| 40.002 | para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungah ing ati | lir ngadhêp bêdhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngewak-awi[3] | numbak anigas | anuduk angakahi || |
| 40.003 | para putra pangamuke kadi Parta | kinarubut ing bêdhil | sinasog ing tumbak | linêmbing nrangkolang |[4] suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi || |
| 40.004 | lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah [[f. 265v]] mati | gègère puyêngan | kalindhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiraragi || |
| 40.005 | Adipati Gêndhing lan Jayalêlona | sarêng malik kulambi | mundur mungkur menda | nora anolih rencang | nusup Galagah andhêlik | samya ngadhangan | sakèh wadya Matawis || |
| 40.006 | mundur kang mênang prang dhatêng pamondhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning Panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ingkang kocapa | Rănggapita wus prapti || |
| 40.007 | sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr Panêmbahan | suwe medal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati || |
199–200 dari 206
| 1 | magut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.48.2). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha jêjaranan uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.50.2). (kembali) |
| 3 | ngowak-awik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.2.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.5.5). Bandingkan: ngobrak-abrik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.5.5); ngobat-abit (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.5.5); mobat-mabit (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.5.5). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: linêmbing binrangkolang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.3.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.6.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.6.4); linêmbing binangkolang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.6.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.4). (kembali) |