Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39–40 dari 42
199–200 dari 206
1.984–1.993 dari 2.053
39.048 sigra têngara wus bubar | prajurite ngati-ati | pra putra mijil sadaya | anitihi gamannèki | rampak lakuning baris | kajinêman wetan tur wruh | Dipati Gêndhing sigra | têngara lalos ngunduri | sampun bubar wong dharat lumakyèng ngarsa ||
39.049 prajurit anèng ing wuntat | padha jêjaran [[f. 265r]: jêja...ran] uni |[1] atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tinggal gêgaman anungsul | bopati para putra | kacandhak tanpa lur uni | gaman wetan majêng tata mundur mara ||
40. Durma
40.001 bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarubut dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinêmèni ||
40.002 para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungah ing ati | lir ngadhêp bêdhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngewak-awi[2] | numbak anigas | anuduk angakahi ||
40.003 para putra pangamuke kadi Parta | kinarubut ing bêdhil | sinasog ing tumbak | linêmbing nrangkolang |[3] suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi ||
40.004 lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah [[f. 265v]] mati | gègère puyêngan | kalindhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiraragi ||
40.005 Adipati Gêndhing lan Jayalêlona | sarêng malik kulambi | mundur mungkur menda | nora anolih rencang | nusup Galagah andhêlik | samya ngadhangan | sakèh wadya Matawis ||
40.006 mundur kang mênang prang dhatêng pamondhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning Panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ingkang kocapa | Rănggapita wus prapti ||
40.007 sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr Panêmbahan | suwe medal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||
40.008 nora nyona yèn sira nuli palastra | iya ingsun kang sisip | purwane mêngkana | dening bêbadhong ika | ingsun ingkang bogan[4] ugi | lah anak ingwang [[f. 266r]] | sira isun belani ||
199–200 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha jêjaranan uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.50.2). (kembali)
ngowak-awik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.2.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.5.5). Bandingkan: ngobrak-abrik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.5.5); ngobat-abit (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.5.5); mobat-mabit (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.5.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: linêmbing binrangkolang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.3.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.6.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.6.4); linêmbing binangkolang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.6.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.4). (kembali)
bonggan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.15.5; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 17.16.5). (kembali)