Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 42
195–196 dari 206
1.944–1.953 dari 2.053
39.008 anuwun sangêt jrihira | apa nganti dèn parani | dening biyangira nulya | pranata [[f. 259v]] asèlèh kêris | genên dhuwungirèki | wus rakêt lawan sang prabu | cinandhak kèn ajajar | kalawan kang para rabi | pêpudhutan gya prapta kalih ambêngya ||
39.009 adhahar lan pramèsyara | garwa pamigir anugil | adhahar lan Senapatya | dangu wusan dènnya bukti | Panêmbahan ling aris | jêbèng sun durung andulu | nganggo bêbadhong sira | apa nora dhêmên kaki | atur sêmbah adarbe badhong kawula ||
39.010 sawiyos botên prayoga | tan wontên niyakanèki | panêmbahan angandika | biyangira duwe kêndhit | tur nayakane adi | masthi awèh sira jaluk | kagyat Ki Senapatya | miyarsa dikaning gusti | ciptanira dhuh nora kawawa iwang ||
39.011 nadhahi sih gustiniwang | kang sinêmbah ing Matawis | tulusa mêngku buwana | sinebaa para aji | anging ta awak mami | kawalêsa sihing prabu | benjang yèn ana aprang | muliha bandhusa mami | wurung mati aja wurung kanin iwang ||
39.012 saking tan kawawa nandhang | bêbadhong sampun rinakit | tinudhung[1] mêtu wus prapta | paglaran bubar kang nakil | ênêngna ing Matawis | ana malih kang winuwus | wong agung ing bang wetan [[f. 260r]: we...tan] | sampun atata kang baris | arsa nglurug dhumatêng nagri Mataram ||
39.013 Dipati Gêndhing kalawan | Ki Adipati Pasagi | puniku kang ngirid lampah | têtindhihing Surabanggi | Răngga Lana Kadhiri | Japan Wirasaba kumpul | Pasuruan Lumajang | ing Malang Pugêr lan Têri | Rênon lawan Singasari Panarukan ||
39.014 ing Cakru myang Banyakpêthak | nêgara kidul winarni | Srêngat Balitar lan Rawa | Kalangbrèt lan Panaragi | pasisir kang winarni | Lamongan lawan Sidayu | Garêsik miwah Tuban | Lasêm lawan Aribanggi | kalumpukan nèng Madiun parêmbagan ||
39.015 pinaju ro wong Mataram | wus bubar Dipati Gêndhing | mêdal êlèr langkung gêngya | kang mêdal kidul Pasagi | kocap Prabu Mêtawis | sineba ing wadya agung | Panêmbahan ngandika | lah ki jêbèng Senapati | paran karsanira wong wetan lumampah ||
39.016 ngamungna dening kawula | lan sakathahing putra ji | jênêngana ing kawula | yèn kênaa putra mami | ingong milu magoni[2] | ture sangêt nuwun ingsun | yèn ămba maksih gêsang | owêl sih dalêm nglangkungi | yèn wus pêjah kawula sakarsa nata ||
39.017 yan sun iring karsanira | adandana [[f. 260v]: a...dandana] wong Matawis | sampun siaga sadaya | sadandananing ajurit | putrèngsun sanak mami | padha milua sadarum | ngiringa Senapatya | turutên sakarsanèki | sampun pêpak ngalun-alun kang gêgaman ||
195–196 dari 206

 


tinundhung. (kembali)
manggoni Bandingkan: mêtoni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.17.5). (kembali)