Tembang macapat
Wali Sana, Tanaya, 1955, #124
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Wali Sana, Tanaya, 1955, #124
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 58
1 dari 185
1–10 dari 1.845
| 1. Sinom | |
| 01.01 | manuhara roning kamal | lir winidyan mamarsudi | wuryaning ruwiya tama | sanityasa analêsih | ngawêri wartèng nguni | karasikaning kêkidung | mrih krêtarta ring gita | sutrarja kang sumudyapti | Ki Patraprajaka ing kampung Gandèkan || |
| 01.02 | rumêsêp ngingsêp carita | gancaring kang para wali | mêmarah manatagama | mangka pandoming dumadi | nguni ingkang ngadani | angrêngga yogyaning lagu | Jêng Sunan Giripura | kang jumênêng kaping kalih | pan kinarya lantaraning pralampita || |
| 01.03 | lumantasing kasunyatan | tumatar marta martani | rumahabing pangastawa | saparasdya mamarsudi | ngalap mangulah ngèlmi | sakadaring dadya tuduh | lamun kabul kabuka | kinarilan ing Hyang Widi | sinung ilham kêni kinarya dêdamar || |
| 01.04 | mangka lajêring carita | Sang Sèkh Molana Ibrahim | pandhita tanah ing Arab | maksudi[1] agama suci | gêng ibadat ing Widi | prastawèng saliring kawruh | ambêk santa santosa | parimarma ing kaswasih | mula mula têtalêring Waliu'llah || |
| 01.05 | kasêmbuh labêt kalabdan | kamin kamuman lêluri | saking Kangjêng Rasulu'llah | pati pastikaning bumi | panutaning dumadi | nartani titah sadarum | sinuhyun puji puja | sesining rat mangastuti | pan kinarya baku baboning bawana || |
| 01.06 | ri mangkana kacarita | Sang Sèkh Molana Ibrahim | duk lagya andon-lêlana | sêmu amêmasuh budi | praptèng Cêmpa nagari | sarju arjaning praja gung | angasokkên sarira | dadya kondhanging pawarti | lamun wontên molana [2: mo...lana] trah Rasulu'llah || |
| 01.07 | sidik jatmika sambada | cahya dumilah nêlahi | mratandhani trahing wirya | tan antara kapiyarsi | pramudyaning nagari | nênggih Maha Prabu Agung | jêjuluk Raja Kiyan | kanugrahan amarêngi | Sèkh Ibrahim tinimbalan ing ngarsendra || |
| 01.08 | kinarênan ing wardaya | samana ingambil siwi | mring Raja Kiyan ing Cêmpa | datan sah ing sari ratri | saya tumanêm ing sih | wasana ingambil mantu | dhaup lan putrinira | warnane ayu linuwih | apanêngran Rêtna Dyah Siti Asmara || |
| 01.09 | lêstari apalakrama | rakêt sih-sinihan kalih | tan ana sangsayanira | ing antara lami-lami | apatutan kêkalih | priya samya bagus-bagus | cahya nuksmèng sasangka | pan sampun sinung wêwangi | mring kang rama Dyan Santri Ali wastanya || |
| 01.10 | kang anèm Rahadyan Rahmat | wau ta satriya kalih | pinundhut putra ing eyang | mangka asrining jro puri | kasêmbuh amarêngi | putranira Sang Aprabu | Cêmpa Narpa Taruna | garwanira anggarbini | praptèng masa mbabar putra mijil priya || |
1 dari 185
| 1 | marsudi. (kembali) |