Tembang macapat
Wali Sana, Tanaya, 1955, #124
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Wali Sana, Tanaya, 1955, #124
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 58
126–127 dari 185
1.254–1.263 dari 1.845
| 39.36 | sintên kawasa nyêgaha | garwa Sunan Ngudung wau duk myarsi | asru dènira amuwun | wus mantuk Sèkh Malaya | tan antara layone Suhunan Ngudung | wus rawuh nagari Dêmak | sinarèkkên kilèn masjid || |
| 39.37 | samana wus kapiyarsa | dening para senapatining jurit | kang baris ing surèngkewuh | yèn wadya ing Bintara | kasor ing prang Jêng Sunan Ngudung kasambut | sagung kang para oliya | mung sumarah rèhing kapti || |
| 39.38 | Sang Adipati Bintara | lawan para kadang sayuk ing kardi | sêdhênge mangke ginêmpur | praja ing Majalêngka | sarêng undhang ing wadyabala gumuruh | wusing samaptèng ngayuda | budhal saking Surawèsthi || |
| 39.39 | gora rèh swaraning bala | ambalabar lir robing jalaniddhi | lawan Jêng Suhunan Kudus | kinèn ambanjêlana | ingkang rama nênggih Jêng Suhunan Ngudung | dadya manggalaning bala | senapatining ajurit || |
| 39.40 | Sunan Kudus tan lênggana | sanalika tanggap kuswa miranti | lan sawadyabalanipun | sadandananing yuda | Sunan Gunungjati nganthèni pangulu | kalawan sarbane pisan | kinèn ngêrapkên ing jurit || |
| 39.41 | lan êcisnya Sunan Benang | Sunan Giri paring sarana kêris | Kalam-munyêng namanipun | kadadyan saking puja | ing Palembang Arya Damar akêkintun | pêthi kamandèn sajuga | saking uwa dwijaning wil || |
| 39.42 | Sunan Kudus nulya budhal | saha wadya sapraptanirèng Giri | samana pra sampun kumpul | lan para senapatya | andum karya ing Majapait kinêpung | Sang Adipati Bintara | anèng salèring nagari || |
| 39.43 | lan sagung para dipatya | pra prawita[1] miwah [157] satriya mantri | kadi mêndhung angêndhanu | dene Jêng Sunan Benang | anèng kulon lan para oliya kumpul | kêtib modin myang suhada | sabangsane pra ulami || |
| 39.44 | narendra ing Pranaraga | Sri Bathara Katong sawadya sami | kanthi Prabu dewa Kêtut | ing Bali saha bala | anèng kidul amangku gêgaman agung | Sri Lêmbupêtêng Madura | lan Prabu jaranpanolih || |
| 39.45 | ing Sumênêp anèng wetan | saha wadya sadandananing jurit | samana wong Majalangu | pan samya kagegeran | dene wontên mêngsah prapta pindha têdhuh | sumahap angêpung kitha | kadi durmane ing jurit || |
126–127 dari 185
| 1 | prawira. (kembali) |