Tembang macapat

Wali Sana, Tanaya, 1955, #124

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wali Sana, Tanaya, 1955, #124

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 58
123–124 dari 185
1.224–1.233 dari 1.845
39.06 marêp mangidul margagah | asta kiwa nyandhak sirahing masjid | asta ingkang têngênipun | anyandhak sirah ka'bah | tan antara masjid lan ka'bah wus gathuk | Sèkh Malaya aris mojar | lah sadaya kadipundi ||
39.07 punika masa ewaha | saking ingêr kanan miwah ing kering | pan pitulunging Hyang Agung | sigra samya amawas | wus mupakat ka'batu'llah nulya wangsul | wanci pajar sidik samya | asalat kang para wali ||
39.08 Sunan Benang dadya imam | Sunan Kali kang adan angamati | sawusira bakda subuh | kumênyar kang raditya | pamidhangan kang kilèn ana gumandhul | samya ningali sadaya | sagunging kang para wali ||
39.09 Suhunan Benang ngandika | iku apa gumandhul sun tingali | ulêse walulang wêdhus | ing jro ana isinya | kinèn nguthik bêbuntêlan sampun runtuh | ing ngarsane Sunan Benang | cinandhak dipun ungkabi ||
39.10 ing jêro isi rasukan | dhapur takwa ana isine tulis | lorodan agêm jêng rasul | dene kang ginadhuhan | Sèkh Malaya Suhunan Kalijagèku | Sinuhun Benang ngandika | lah nêdha ki jêbèng Kali ||
39.11 sira ingkang dhinawuhan | Sunan Kali sujud sarwi ngadhêpi | sigra andonga tafakur | ngungun [153: ngu...ngun] wali sadaya | Sunan Benang alon pangandikanipun | punika Antakusuma | lêlangsarane jêng nabi ||
39.12 ulêse iku pan iya | walulange wêdhus kongsi barindhil | puniku salaminipun | kinarya pasalatan | kangjêng nabi lah iya karyanên iku | kulambi kang dhapur takwa | dene kang anganggo benjing ||
39.13 kang mbêkêli tanah Jawa | sapa ingkang dadi ratu ndarbèni | Ki Gondhil arane iku | Sunan Kali tur sêmbah | wus mangkana lamine datan winuwus | Suhunan Ngudung tinêdah | nglurug marang Majapait ||
39.14 minangka pêpucuk yuda | dene wuri wus sinadhiyan baris | bêbantu ngadoni pupuh | sêdhêng kaiting rêmbag | ingkang samya Islam kabubuhan brubuh | kumpule nèng Surabaya | lawan wontên kang wêwêling ||
39.15 nênggih Jêng Suhunan Benang | maring Sunan Ngudung lamun ajurit | lawan si Dipati Têrung | rowangên sawatara | Sunan Ngudung anyambut rasukanipun | mring Sinuhun Kalijaga | Kyai Antakusumèki ||
123–124 dari 185