Tembang macapat
Wali Sana, Tanaya, 1955, #124
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Wali Sana, Tanaya, 1955, #124
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
42–43 dari 58
137–138 dari 185
1.367–1.376 dari 1.845
| 42.16 | yèn nampika agamaning nabi | wong iku pakewoh | Sultan Bintara paran karsane | anaria marang Ki Dipati | ing Têrung puniki | jêng sultan umatur || |
| 42.17 | inggih têksih têtêp adipati | ing Têrung pilunggoh | angradina ing bang wetan kabèh | anrapêna agamaning nabi | sarengat dèn radin | Sang Wiku jumurung || |
| 42.18 | Adipati Têrung anastuti | dhawuhing Sang Katong | sawusira gya linilan lèngsèr | saha wadya sinungan rêrakit | pakuwon sarya sri | ing sajuru-juru || |
| 42.19 | lami anèng ing Dêmak nagari | ya ta winiraos | putrinira sang dipati mangke | suwarnanira ayu linuwih | karsane sang aji | anêdya pinundhut || |
| 42.20 | ginanjarakên kinarya rabi | yèn tyasnya rumojong | antuk Suhunan Kudus badhene | Adipati ing Têrung njurungi | sumanggèng karsa ji | rèhning wajibipun || |
| 42.21 | ratu agung angayomi dasih | karya karahayon | Sultan Dêmak kalangkung sukane | enggaling carita sang suputri | pinanggihkên nuli | lan Sinuhun Kudus || |
| 42.22 | binawahan panggihing akrami | atut sakarongron | datan ana ing kasangsayane | Dêmak kalangkung arjaning nagri | nihan ta winarni | sri nataning sunu [169] || |
| 43. Sinom | |
| 43.01 | wontên parênganing kandha | nênggih trahing Majapait | nama Ki Agêng ing Sela | ing nguni ingkang sêsiwi | nênggih Sèkh Abdu'llahi | karan padalêmanipun | Kya Gêng Gêtaspandhawa | Gêtaspandhawa ing nguni | kang pêputra Lêmbupêtêng Tarub ika || |
| 43.02 | Lêmbupêtêng putranira | narendra ing Majapait | Sang Aprabu Brawijaya | patutan ing Wandhankuning | kathah kadangirèki | sêpuh anèm samya ngaub | kathahira winarna | kadang kalihwêlas iji | kang asêpuh nama Ki Agêng Abdu'llah || |
| 43.03 | Tarub agung dhukuhira | dene panênggaking ari | sira Ki Agêng Sesela | ari malih kang sumêndhi | Nyai Agêng ing Pakis | ingkang lajêng krama antuk | Kyai Agêng ing Karang | ari malih kang sumêndhi | Nyai Agêng Amad Anom wismèng Purna || |
137–138 dari 185